Kaca:Sumunar.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Aku meneng sawetara, Sanalika pikiranku ngumbara ing awang- awang, Kelingan sepisanan ketemu Mas Aji ing sawijine kegiatan sosial kang, ngurusi bimbingan marang bocah-bocah sing ora bisa nerusake sekolah lan anak jalanan. Aku mbina babagan seni lan budhaya, dene Mas Aji nglatih ketrampilan carane mbudidaya tanduran anggrek supaya bisa kanggo sangu urip mandhiri ing tembe mburine, Kabeh mau dianakake saben seminggu sepisan ing tatah Lempuyé

“Aku ketemu dheweke ing Yayasan Among Siwi. Wektu kuwi aku Ora ngira yen dheweke wis omah-omah Sur ....” lirih swaraku isin menawa keprungu pasen liya sing lagi padha tunggu giliran priksa.

“Lho, dadi ..?" Karo nyekel tanganku lan mlongo kaget, Surti nyela omonganku.

Sejatine, garwane kuwi luwih sakabehe tinimbang aku. Saliyane ayu, pinter, uga dadi wanita karier kang wis kawentar kiprahe. ing, wektune kanggo kulawarga kepara ora ana, Malah, Mas Aji ora kaurus, Mula, wis limang taun durung kagungan putra. Nampa kahanan kaya mangkono, Mas Aji sing mung trima pegawai negri biyasa ing Dinas Pertanian ora bisa tumindak apa-apa. Saliyane gaji luwih cilik, dheweke dadi kelara-lara atine amarga saklumrahe guru lakine ora duwe perbawa ing kulawargane lan rumangsa dikilani dhadhane.”

“Yen ngono, sliramu ngrusak pager ayu ta, Nis?” pranggule Surti setengah ora percaya karo apa sing dakkandhakake.

“Karepmu olehe mbiji aku Sur, ananging kulawargane Mas Aji cetha Wis ora tentrem sadurunge aku tepung dheweke, Yen ana unen-unen witing tresna jalaran saka kulina, iku pancen nyata. Mula bukane tresna iki tuwuh saka rasa welasku sing gedhe marang Mas Aji. Semono uga dheweke, Tresna iki sangsaya ngrembaka, nganti aku lan Mas Aji mutusake nikah siri enpa ijin luwih dhisik marang garwane. Kanthi pangajab, sepisan kanggo ngendhani tumindak kang ora manut pranatan agama utawa jina, Kaping pindho,

“Tujuwanmu karo Mas Aji pancen becik. Nanging, piye dathune tangga teparo menawa mangerteni sliramu positip ngandhut? Awake dhewe

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 72