Kaca:Sumunar.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

paragane ngleledhek pamer beksa, pamer trampiling wirama lincahing sabet Lan liya-liya. Ngiras pantes kanggo cecawis jejer kapisan supaya bisoa paragane komplitanggone nata dhampar lan ngatur busana jangkep.

Jejer kapisan wus kasirep, Tonil katutup. Ganti banyolan. Npiras karo Promosi saka sponsor kang paring dana murih seni kethoprak sangsaya maju.

Lumrahe, para penonton padha ngarep-arep kiprahe lan lucu pinter ngocok. Dhagelan kang kurang prigel marahi anyel penonton, mula dadi sutradara utawa dhalang kudu bisa ngepasake paragane.

Mula, Saben Mardi karo Marjo metu, penonton padha keplok rame, Malah ana kang mbalang buntelan isi rokok, dhuwit, sarung, klambi, dana. Janji akeh barange, Mardi karo Marjo sangsaya mempeng ana ing panggung, Malah kala-kala nganti rong jam ngladeni panyuwunan gendhing dolanan lan langgam,

Genti keliran taman,

Cempluk Warsiyah anake Sura Menggala diadhep para emban lan abdi. Sawuse bage-binage kasaru rawuhe Den Mas Subroto, Emban lan ebi padha sumingkir mbaka siji, mundhak ngribeti tamu kang lagi prapta.

“Nimas, apa Bapak ana ndalem?”

“Dhuh Raden, cadhong duka, Bapak nembe kemawon bidhal dhateng alas, maweni taneman lan pados kajeng.”

“Kene-kene kowe ora usah nyembah, Menawa nyembah iku yen aku

“Yak, ora usah pawadan, Kene jejer lenggar karo pun Kakang,

ngrangkul pundhake Warsiyah, ya si Ratmi, menapa Panji ih

“Apa? Ana apa, Nimas?”

“Sampam duka, nggih?”

“Ora. Aku ora bakal duka menawa karo kowe, Nimas.”

“Menawi Paduka jejer lan tresna kaliyan kula, mangke klentu. Wong kula menika namung anakipun tiyang ndhusun, mboten saget matur alus, asring saru lan kasar.”

“Nimas aja mikir sing ora-ora.”

“Lan malih, menapa boten damel kucem asmanipun keng Rama?”

“Aja lelewa, Nimas, Aku wis praseiya, lamun ora bisa ngepek kowe

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 59