Kaca:Sumunar.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Ibu ki penggalihe wis maju,” aku nyoba ngyakinake Martini, “lan tekan ngendi Ibu kagungan hak marang putra-putrane, Buktine, nalika Masku mikah karo wanita manca, sing penting agamane padha.”

Ya ing nalika iku Martini peraya. Nanging, saiki aku ngadhepi panolake Ibu. Pancen, Ibu cukup modheren manut ukuran tradhisional ing desaku. Ya jalaran modherene mau Ibu nolak Martini Manut Ibu, wong modheren mono kudu duwe petungan kang permati lan ora mbuwang dhuwit kanggo kaperluwan kang kurang piguna.

Cilakane, ing panemune Ibu, salah sijine bab kang ora migunani, yaiku tuku piranti dandan leluwihan kaya sing dienggo dening Martini ing foto iku.

“Apa Ibu bae sing nggolekake,” aturku marang Ibu. tajem, mbokmenawa muiksani apa sabenere kang ana sajroning atiku. Mesthi Ibu ora nemokake apa-apa sebab pikiranku kothong mlompong.

“Ora, Nai”, ngendikane Ibu, “bojo iku peranganing awakmu. Dadi ora wicaksana yen wong liya sing nggolekake.”

Aku meneng, Rasane ora ana maneh gunane dedawa perkara iki. Ibu ora nyenengi Martini lan ora kersa nggolekake calon, Dadi, aku kudu golek calon dhewe, nanging dudu Martini!

Aku bolabali nggetuni anggonku bodho, Ya marga bodhoku, aku akon Martini dandan menor, kang malah ora dadi kersane Ibu. Ala ora bisa ngenalake Martini marang Ibu, carane ya mung meruhake fotone, Lan ing foto

Wiwit saka iki rencana anggonku arep rabi wis ora kocap, Aku banjur golek kegiyatan sing bisa ngentekake cutiku, Aku golek kanca mancing welut ing sawah utawa golek manuk, Aku uga melu adhiku nak-sanak mbedhak, garangan ing desa liya. Pokoke apa wae supaya wektune entek lan bisa

SUMUNAR A£rtohgi Crita Cekak, | 53