Sewulan candhake omahku wis dileboni kulkas modhel paling anyar. Bojoku katon seneng lan kalegan, nanging aku dheleg-dheleg. Muga-muga sisihanku sing ayu iki enggal eling. Ora kemiren karo tangga-tanggane. Apa dongaku bakal diijabahi dening Gusti?
Saiki bojoku dadi pengurus PKK minangka sekretaris. Dheweke saiki uga cedhak banget karo Bu Sita sing njabat dadi ketua PKK. Kamangka sing asmane Bu Sita kuwi genah golongane priyayi turah. Lha wong daleme sak komplek gedhe dhewe tur katon moncer. Garasine kebak montor!
Mula ora nggumunake yen kabeh wong kepengin urip kaya keluwargane Bu Sita. Kalebu sisihanku. Nanging emane, bojoku ora nyawang ghitoke dhewe. Ora ngrumangsani dudu golongane wong sugih.
Aku sakjane gumun lan ngungun, saka ngendi anggone ndhuwiti barang-barang ing daleme Bu Sita? Amarga garwane Bu Sita ki ya gajine ora adoh saka aku. Aku ngerti mangkono amarga garwane sekantor karo aku. Mbok menawa wae amarga wong tuwane Bu Sita kalebu wong sugih lan asring ngesoki bantuan, ngono batinku.
Wis rong minggu iki daleme Bu Sita katekan tamu-tamu kang ngendikane petugas saka bank. Nanging udakara telung minggunan iki Bu Sita sakeluwarga tindakan lan ora ana tangga teparo kang dipamiti tindake ana ing ngendi. Kabeh uga padha gumun. Adate Bu Sita yen tindakan sekeluwarga wara-wara dhisik. Arep tindakan neng Jakarta, Surabaya, utawa ing ngendi wae mesthi wis crita ngalor ngidul yen arep liburan sekeluwarga, arep shopping, lan liya-liyane.
Semono uga bojone, Pak Budi. Wis pirang-pirang dina ora ngantor. Kamangka, Pak Budi kalebu karyawan sing sregep.
Minggu candhake maneh, ana tamu kang ngakune uga saka bank. Nggoleki Pak Budi garwane Bu Sita kang wektu kuwi daleme uga katon suwung.
"Sejatosipun wonten perlu menapa ta, Pak? Ketingalipun kok wonten ingkang wigatos?" pitakonku kepengin ngerti nalika aku kapinujon mbubuti suketing plataran omah.
"Inggih, Pak. Menika panci wigatos. Pak Budi menika kagungan kredit wonten bank lan samenika sampun jatuh tempo kedah nglunasi."
"Ooo...," aku mlenggong, Mlongo! Sukur ora ana laler liwat.
Jebul Pak Budi lan garwane sekeluwarga kuwi anggone ngilang mung ngendhani tagihan utang?
Dina Setu jam 11.00 aku bali saka anggonku nyambut gawe. Kaget weruh daleme Pak Budi diparani priyayi akeh la ana petugas kepolisian sarta
kejaksaan barang.
SUMUNAR Antologi Crita Cekak
17