mesin cuci lan kulkas. Kabeh mau bisa dicicil nganti setaun. Sabanjure aku golek info rega TV 29 inchi.
Ing wayah sore, njero omahku kelakon ana TV berwama 29 inchi. Anyar gres menges-menges. Methi wae bojoku katon mantep lan marem amarga saiki TV-ne ora kalah apik lan padha gedhene karo TV-ne Bu Sita. Aku dhewe rumangsa rada tentrem amarga wis ora dioyak-oyak maneh karo swarane bojo sing ora ana kendhate njaluk TV anyar 29 inchi. Lan sing wigati, jatahku bakal dak rapel!
Saiki saben ana tangga kiwa tengen mampir, bojoku tansah sumringah lan kalegan. Dheweke rumangsa mongkog amarga mesthi bakal padha nyumurupi TV anyar 29 inchi ing omahku. Ora ketang aku lan bojoku banjur kudu ngirit ekonomi amarga gajiku saiki kepotong kanggo nyicil TV.
Let nem sasi saka anggonku kridhit TV, aku rumangsa rada ayem amarga cicilan TV mung kari separone. Nanging rasa ayem mau jebul mung sedhela. Bali saka arisan, bojoku wis wiwit kumat maneh anggone ngetung barang-barange tanggane sekomplek.
"Mas, cicilan TV-ne rak mung kari separo, ta?"
"Njur?"
Saiki mbok golek kulkas supaya aku bisa nyimpen blanjan sing arep dakmasak. Aku mengko rak bisa blanja kanggo telung dina sisan amarga sayur-sayuran bisa disimpen ing kulkas. Dadi bisa ngirit tenaga lan becakan ta, Pak?"
"Kok ujug-ujug kowe kepengin kulkas? Awake dhewe rak ora patiya mbutuhake? Mbok uwis ta, Bu. Urip samadya wae."
"Walah, kok ora patiya mbutuhake kepriye, ta? Genah cetha yen kulkas kuwi penting. Penting! Coba Pak, yen awake dhewe ana tamu wayah awan, gek panas ngenthang-enthang ngene, rak ya mung kari mbukak kulkas, minuman dingin wis cumepak? Lan maneh, Pak. Blanjan pasar rak bisa dak simpen lan awet ana ing kulkas?"
"Wis, wis, Bu. Cicilan TV wae wis marakake mumet! Eling Iho, Bu Awake dhewe isih nyicil omah, terus dhuwit kanggo tuku kulkas dijupukake dhuwit saka ngendi?" pitakonku rada anyel.
"Pak, lagi Bu Sita sing garwane ya sekantor karo Panjenengan wae bisa duwe barang-barang pepak, kok awake dhewe kulkas wae ora duwe. Ngisin- isini, Pak! Sesuk rak ana gaji ke-13 ta, Pak? Mbok ditanjakake dadi kulkas ngono."
Sepisan maneh aku mung bis meneng. Bojoku pancen pinter ngomong. Yen wis ngene, aku mesthi kalah. Apa maneh yen nganti nesu, ngerti dhewel Kamangka aku tresna banget. Apa aku iki minangka wong lanang sing
kalah dening wong wadon? Ah,....!
SUMUNAR Antologi Crita Cekak
16