Bareng aku takon tangga tengen omahku, pranyata daleme Pak Budi disita bank amarga utange ing bank wis numpuk lan nganti nunggak-nunggak. Kamangka ora mung utang sak bank, nanging ana rong bank.
"O... Allah Pak Budi, Bu Sita. Dadi anggone moncer mrana-mrene kuwi mung semu, ta? Amarga kabeh saka utangan. Kok mesakke banget Pak Budi, nganti saiki kudu urusan karo sing berwajib amarga ora bisa mbayar utang. Njur kepriye anggone makarya?" pitakonku ing sajroning batin. Dheleg- dheleg,
Bojoku sing uga sajak gumun dakcedhaki, "Bu, piye kok ora komentar? Galo, kancamu lagi ngundhuh wohing pakarti. Mula Bu, aja sak ngukur apa-apa nganggo ukurane wong liya. Yen jebule kedadeyan kaya Bu Sita terus piye, Bu?" kandhaku sajak ngelehke.
Bojoku mung meneng. Mbokmenawa rumangsa salah. Aku banjur mlebu omah weruh kulkasku. Kelingan gaji ke-13 sing wis malik dadi barang elektronik siji kuwi. Sakjane dhuwit mau arep dak celengi kanggo jagan anakku mlebu SMP ing taun iki. Nanging saiki mung kari nota pembelian kulkas. Aku banjur tumuju ing ruang tamu. Ing kono weruh TV berwama 29 inchi sing isih separo maneh cicilane.... Dhuh!
-> SMPN 1 Banguntapan
SUMUNAR Antologi Crita Cekak
18