Kaca:Sumunar.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

PANAS

Siti Kisdiyantini

Wiwit pindhah saka omahe wong tuwaku ana ing komplek perumaan Warpa Sejahtera, aku wis duwe angenangen kang sarwa endah. Bakal nata urip bebarengan karo sisihanku pawestri kanthi mandhiri lan tenan- tenan bisa ngrasakake dadi Kepala Rumah Tangga tanpa ana campur tangane wong tuwaku sakloron. Sing cetha, bisa ngrasakake swasana bebas. Yen arep mangan turu samangsa-mangsa ora pesu rikuh lan pakewuh amarga ora ana sapa-sapa maneh, Ya mung ana aku karo bojo lan anakku sing isih SD.

“Pak wungu, Pak, Wis esuk. Selak srengengene mlethek, Mengko mundhak telak anggone ngeterke Wawan sekolah,” swarane pawestri mecah swasana sepining esuk.

“Wah isih ngantuk je rasane, Saiki jam pira ta, Bu?”

“Walah, ndadak takon jam barang! Genah wis awan ngene. Kae, galo, Wawan wis rampung anggone adus, Wis, kana ndang siram.”

Aku banjur njranthal menyang kulah, Rampung adus, age-age dandan lan sarapan mbarengi Wawan. Jam 630 thet aku sakloron mangkat tumuju

Minangka pegawe cilik-cilikan aku rumangsa mongkog amarga wis kemayangan amarga bisa nyandhing sisihanku kang pancen sulistya ing wama.

Said ieng sasi inan genkioin ing dade raaakake darung san A owahan apa-apa. Nanging, bareng, genep setengah taun wiwit ana rasa beda. Pawestri sing mbiyen ara kakehan tuntutan, saiki malik grembyang. Senengane ngukur lan ngetung, bandhane tanggane sarta ora pelem kalah, Owah-owahan mau wiwit dak rasakake nalika dheweke aklif melu arisan mesthi ana palaporan anyar; endi sing Bu Amir duwe kulkas anyar, Bu Sita mentas tuku TV berwarna 29 indhi, Bu Eko duwe koleksi gelang kalung kaya kanca-kamcane arisan mau. Kojur tenan!

“Pak, mbok TVine iki diganti sing luwih gedhe supaya cetha! Bu Sita wingi mentas ganti TV gedhe banget Iho, Pak. Wah, jan ketok mewah tenan!” panjaluke bojoku nalika aku sakloron lagi nonton sinetron.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 14