Kaca:Serat Wedhatama.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧒꧇


ꦪꦺꦏꦸꦮꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈
ꦏꦧꦸꦏꦠꦏꦁꦮꦼꦁꦏꦸꦮꦶꦤꦼꦁꦏꦸ꧈
ꦮꦼꦮꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦏꦮꦼꦁꦏꦸꦤꦺꦁꦱꦶꦫꦺꦏꦶ꧈
ꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦲꦸꦒꦏꦮꦼꦁꦏꦸ꧈
ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤ꧀ꦝꦏꦂꦠꦶꦏꦧꦾꦺꦴꦂ꧉
yèku wenganing kalbu | kabuka ta kang wengku-winengku | wewengkone wus kawengku nèng sirèki | nging sira uga kawengku | mring kang pindha kartika byor​​||



꧇꧒꧓꧇


ꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦂ꧈
ꦒꦤ꧀ꦠꦾꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦕꦠꦸꦂ꧈
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦫꦱꦏꦫꦱꦫꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦢꦸꦩꦢꦶ꧈
ꦢꦢꦶꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦢꦸꦃ꧈
ꦩꦸꦁꦏꦭꦮꦤ꧀ꦏꦱꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
samengko kang tinutur | gantya sembah ingkang kaping catur | sembah rasa karasa rosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||