Kaca:Serat Wedhatama.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧐꧇


ꦥꦩꦺꦠ꧀ꦠꦺꦱꦏꦶꦁꦭꦸꦪꦸꦠ꧀
ꦱꦂꦮꦱꦫꦺꦃꦱꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦥꦔꦚꦸꦠ꧀
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦪꦶꦠ꧀ꦤꦏꦪꦶꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦁꦩꦶꦪꦠꦤꦶ꧈
ꦠꦂꦭꦾꦤ꧀ꦩꦸꦁꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦏꦁꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦤꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉
pamète saking luyut | sarwa sarèh saliring panganyut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tar lyan mung pribadinipun | kang katon tinonton kono ||


꧇꧒꧑꧇


ꦔꦶꦁꦲꦪ꧀ꦮꦱꦭꦃꦱꦸꦫꦸꦥ꧀
ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦤꦱꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦔꦸꦫꦸꦥ꧀
ꦪꦺꦏꦸꦲꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦔꦉꦥ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥꦶꦁꦧꦸꦢꦶ꧈
ꦱꦸꦩꦶꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦤꦫꦮꦸꦁ꧈
ꦏꦢꦾꦏꦂꦠꦶꦏꦏꦠꦺꦴꦁꦠꦺꦴꦤ꧀
nging aywa salah surup | kono ana sajatining urup | yèku urup pangarep uriping budi | sumirat serat narawung | kadya kartika katonton ||