Kaca:Serat Wedhatama.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧘꧇


꧅ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦔ꧀ꦭꦸꦒꦸ꧈

ꦲꦗꦥꦶꦱꦤ꧀ꦮꦤꦶꦔꦏꦸꦲꦏꦸ꧈

ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦱꦶꦏꦸꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧈

ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦩꦼꦭꦺꦴꦏ꧀꧉


kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kena uga wenang muluk kalamun wus padha melok ||


꧇​꧙꧇


꧅ꦩꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦲꦸꦗꦫꦶꦏꦸ꧈

ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱꦶꦭꦁꦱꦸꦩꦺꦭꦁ​ꦔꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈

ꦲꦩꦸꦁꦏꦢꦼꦭ꧀ꦒꦸꦩꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦠꦏ꧀ꦢꦶꦂ꧈

ꦲꦶꦏꦸꦢꦺꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀

ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦼꦩꦼꦠꦾꦺꦤ꧀ꦲꦂꦱꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦠ꧀꧈


meloké ujar iku | yèn wus ilang sumelanging kalbu | amung kandel-

kumandel ngandel ing takdir | iku dèn awas dèn émut | dèn memet yèn arsa

momot ||