Kaca:Serat Wedhatama.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧘꧇


ꦫꦸꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦔꦁꦏꦃꦔꦸꦏꦸꦠ꧀
ꦔꦶꦏꦼꦠ꧀ꦔꦿꦸꦏꦼꦠ꧀ꦠꦿꦶꦭꦺꦴꦏꦏꦏꦸꦏꦸꦠ꧀
ꦗꦒꦢ꧀ꦲꦒꦸꦁꦒꦶꦤꦸꦭꦸꦁꦭꦤ꧀ꦗꦒꦢ꧀ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀
ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦸꦩꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀
ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦭꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉
ruktiné ngangkah ngukut | ngiket ngruket tri loka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad cilik | dèn kandel kumandel kulup | lan kelaping alam kono ||



꧇꧑꧙꧇


ꦏꦼꦊꦩ꧀ꦩꦺꦩꦮꦭꦶꦩꦸꦠ꧀
ꦏꦭꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦔꦭꦩ꧀ꦏꦚꦸꦠ꧀
ꦱꦚꦠꦤꦺꦲꦶꦏꦸꦏꦚꦠꦲꦤ꧀ꦏꦏꦶ꧈
ꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀
ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦧꦶꦱꦲꦩꦺꦴꦂ꧉
kelemé mawa limut | kalamatan jroning ngalam kanyut | sanyatané iku kanyataan kaki| sajatiné yèn tan emut | sayekti tan bisa amor ||