Kaca:Serat Wedhatama.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧖꧇


ꦱꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦂ꧈
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦏꦠꦿꦶꦏꦁꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦏꦠꦸꦂ꧈
ꦩꦿꦶꦁꦲꦾꦁꦯꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦤꦼꦤ꧀ꦱꦲꦫꦶꦲꦫꦶ꧈
ꦲꦫꦃꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦏꦸꦥ꧀
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦗꦶꦮꦱꦸꦠꦺꦁꦔꦺꦴꦁ꧉
samengko kang tinutur | sembah katri kang sayekti katur | mring Hyang Suksma suksmanen saari-ari | arahen dipun kacakup | sembahing jiwa sutèngong ||



꧇꧑꧗꧇


ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦼꦂꦭꦸ꧈
ꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦭꦏꦸ꧈
ꦏꦭꦏꦸꦮꦤ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦧꦱꦤꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀
ꦱꦸꦏ꧀ꦕꦶꦤꦺꦏꦭꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀
ꦩꦿꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁꦭꦩꦲꦩꦺꦴꦠ꧀
sayekti luwih perlu | ingaranan pepuntoning laku | kalakuan kang tumrap bangsaning batin | sukcine lan awas emut | mring alaming lama amot ||