Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 95 —

Sareng dumugi nginggil, Jaka Lelana radi nggragap manahipun. Awit nyumerapi tiyang sepuh jaler linggih. patrapipun kados saweg semadi Jaka Lelana kendel sekedhap, namataken tiyang sepuh wau, punapa inggih temen tiyang saestu, punapa bangsaning lelembat Sarehne dipun kedhepaken ambal kaping tiga tetep taksih katingal, piyambakipun wantun mastani tiyang saestu. Mila kanthi tatag Jaka Lelana nglajengaken lampah, dumugi ing griya alit kados patrolan, mawi payon sarta gebyog saking kajeng Jaka Lelana kendel, lajeng mapan linggih. Salajengipun caos dhahar, mbesem dupa, Sarampungipun caos dhahar lajeng wangsul dhateng bangsalan ing ngandhap, perlu nyelaki bedhihan ingkang sampun kadamel ing saderengipun minggah, awit atisipun anglangkungi. Dene tiyang sepuh ingkang saweg pitrap semedi wau lestantun wonten ing nginggil. Jaka Lelana dumugi ing bangsalan ngandhap, sasampunipun nambahi kajeng ingkang kangge totor, lajeng mapan linggih, amiwiti panekung pun Tanceping cipta nyuwun parimarmaning Pangeran, sageda kasembadan sasedyanipun. Ing dalu boten kacariosaken reroncenipun Namung kadhang2 kapireng swantenipun kewan wana ing katebihan.
Ing wanci enjing umun2 Jaka Lelana sampun tangi, nanging dereng wantun nilaraken panggenanipun. Awit kejawi pedhutipun taksih kandel, tisipun ngantos tumrecep kados rumasuk ing bebalung. Sareng Sang Bagaskara sampun ngatinggilaken sorotipun. Jaka Lelana saweg nilar papanipun mingguh malih dhateng telenging Arga-Dhalem, perlu caos dhahar. Sarampungipun caos dhahar, lajeng patrap semedi, Saparipurnaning semadi Jaka Lelana menyat, badhe wangsul mangandhap malih. Nanging dereng ngantos mlampah, kapireng wonten swantenipun tiyang celuk2 Jaka Lelana nolah-noleh, madosi asaling swanten. Ingkang celuk2 wau boten sanes tiyang jaler sepuh ingkang dipun sumerepi winginipun dalu. Jaka Lelana lajeng murugi.
 Tiyang sepuh lajeng wicanten: Nak aja dadi atimu, ya, aku nungkak krama karo kowe Anggonku duwe patrap mengkono kuwi ora duwe karep ngremehake marang kowe, nanging murih luwih rumakete.