Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 96 —

Jaka Lelana mangsuli: Inggih, boten dados menapa pak.
Tiyang sepuh: Jenengmu sapa, ngger? Lan saka ngendi asalmu?
Jaka Lelana: Nama kula Jaka Lelana. Asal saking Negari kampung Jayengan Sawangsulipun bapak asma sinten, lan ingkang dipun dalemi pundi?
Tiyang sepuh: Jenengku Kyai Wangsadirya, asal saka dhukuh Bangsri, ing tanah wetan. Apa tekamu mrene ora ngango rewang ngger?
Jaka Lelana: Bonten pak. Kula namung Piyambakan kemawon
Kyai Wangsadriya: Wis rambah kaping pira anggonmu munggah mrene kok wis wani dhewekan.
Jaka Lelana: Inggih saweg sepisan menika, pak.
Kyai Wangsadriya: We lha, kagolong kendel temen kowe, ngger. Rahayune ora keblasuk-blasuk
Jaka Lelana: Inggih, angsal pangestunipun bapak, lampah kula wilujeng. boten manggih alangan satunggal punapa.
Kyai Wangsa: aku mono wis marambah rambah anggonku mrene. Dadi kene iki wis ambah2anku, prasasat wis omahku.
Jaka Lelana: kula nyuwun seserepan, Pak Griya alit ingkang wangunipun kados patrolan lan mawi payon sarta gebyog saking kajeng menika kangge menapa?
Kyai Wangsa: O. ngertia ya ngger Nalika kunane manawa ana jumenengan Nata, Ingkang Sinuhun banjur utusan nglabuh pangageman sarta sesaji mrene. Pangageman dalah sesajine didokokake ana omah cilik kuwi.
Dene utusan Dalem banjur ngujubake, perlune, tata kramane ganep. tetembungane susila lan wijang. kaya2 lagi matur ana ngarsane Ingkang Sinuhun temenan. Sawise mengkono abdi dalem Juru suranata lan mutihan ndongani ajad Dalemn. Dongane warna loro, Buda lan Arab Dene saikine omah cilik kuwi kanggo ndokokake wilujengan saka para sadulur kang rumangsa katarima panyuwune Sawise disajekake sawatara, banjur lagi dikepungake marang para, sedulur kang pinuju jiarah mrene
Jaka Lelana: Menawi dhangan, kulu nyuwun dipun dongengi sakawit sinten ingkang mara-tapa ing redi Lawu ngriki.