Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 94 —

Enggaling carios lampahipun dumugi ing Cakrasrengenge watawis wanci jam 17.00 kanthi wilujeng. Liripun wiwit bidhalipun saking dhukuh Tara ngantos dumugi Cakrasrengenge boten kapapag ampuhan. Namung ing katebihan piyambakipun nyumurupi lampahing ampuhan. Wujud sarta swantenipun ngepleki kados ingkang kacriyosaken Pak Kertasentono. Pancen inggih ngajrih-ajrihi yektos. Wonten ing Cakrasrengenge Jaka Lelana lajeng kendel caos dhahar. Kawontenanipun sepen anglangut: punapa malah wekdal semanten nuju jawah riwis2. Nanging boten antawis dangu lajeng terang, langitipun sumeblak
Miturut kapitadosanipun jejaka wau, bilih wonten pratandha antawisipun kepareng punapa ingkang dipun sedya Salebetipun caos dhahar wonten swanten crat cret ingkang kapireng lajeng dipuntilingaken. Prenahipun saking kidul kilen. Sabakdanipun caos dhahar Jaka Lelana nglajengaken lampahipun ngener ngidul ngilen anut prenahing swantenipun peksi wau. Marginipun minggah mayat Sareng pikantuk kalih onjotan, ing ngajeng watawis let 5 meter ketingal wonten jalak lincek2, mlampah nolah-noleh kaliyan mungel crat-cret. Jaka Lelana namataken ulesing peksi. Wulunipun ijem, cucuk jene, mawi jamang jene. Piyam bakipun lajeng kengetan dongengipun Pak Kartasentono ing dhukuh Tara. Dados peksi wau sampun tetela, bilıh Jalak Gadhing. klangenanipun Sinuhun Lawu, ingkang kautus nuntun ing lampahipun. Peksi jalak lajeng mabur mangilen. Jaka Lelana ngucap suka syukur ing Pangeran. Lajeng ngetutaken aburing peksi jalak Gadhing ngener mangiler. Enggaling cariyos ing wanci ± jam 18.30 lampahipun Jaka Lelana sampun dumugi ing Arga-Dhalem, njujug ing bangsalan. inggih punika griya mawi payon lan gebyog saking seng, nanging boten mawi konten.

II. KAWONTENAN ARGA DHALEM.

Ing Arga Dhalem kawontenanipun sampun peteng. Mila Jaka Lelana lajeng damel obor. Kaleres ing sakiwa tengening bangsalan ngriku wonten kajeng pating tlecek, lajeng dipun kempalaken, perlu kangge totor. Sareng angpenipun damel bedhihan sampun dados, jejaka wau minggah kanthi mbekta obor, badhe caos dhahar telenging Arga Dhalem.