Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 93 —

Sampeyan enten ngriku mung kudu meleng lan empun kendhat enggene totor, awit hawane kekes atis. Onten ngriku sampeyan nggih kudu caos dhahar.
 Jaka Lelana : Wah, kula rumaos gamblang, pak, mirengake ancer2 sampeyan. Dados sinaosa kula dereng nate minggah, nanging yen ngugemi crios sampeyan wau, tentu saged dumugi puncak kanti wilujeng.
Pak Karta ; nggih mugi2 sageda kabul sedya sampeyan, Gus.
Jaka Lelana : Napa sakiwa tengene pucak niku nggih enten papan sanese sing kramat?
Pak Karta: O, papan pundhen niku kiwa tengene pucak kathah sanget. Kejawi niku guwa-guwa nggih sawatawis.
Sasumerep kula mawon, papan pundhen niku Argadumilah, Argapurusa, Argadumeling. Argakembang, Tlagakuning, Pasar Diyeng Sendang Drajat, Kahyangan, Selapundutan lan Cakapawenang.
Dene cacahe guwa kirang langkung anten pitu: Setupa. Segala-gala, Sitlorang, Lumbung Siliyur, Siteplok. Mangling. Sumur Jalatundha.
Jaka Lelana: Kados empun cekap nggen kula nedha seserapan pak Kula matur nuwun lan nedha sawab pamuji. sageda kadumu gen sedya kula. Rehne kula empun kraos arip, kula nedha lilah sampeyan ajeng mapan tilem.
Pak Karta : nggih-nggih, mpun ngriku disekecakake kados enten griyane dhewe.
 Ing wanci dalu boten kacariyosaken reroncenipun. Sareng wanci bangun, sasampunipun reresik badan. Jaka Lelana pamitan Pak Karta badhe nglajengaken lampah, sarta nglairaken panuwun, nggenipun sampun dipun tampi kalayan sae saha dipun sukani ketrangan warni - warni, ingkang migunani tumrap - sedayanipun. Pak Kartasentana nglilani saita njurung pamuji, mugi manggiha wilujeng tuwin sageda kasembadan sedyanipun. Benjing menawi mandhap kemawon puruna kampir malih. Kacarios ampahipun Jaka Lelana tansah ngengeti sacaya cariosipun Pak Kartasentana.