Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 92 —

Jaka Lelana: Kula boten gadhah raos ajrih lan semelang. Awit begja cilakane badan niku mung Pangeran ingkang nguwaosi, Kula mung saderma anglampahi.

Pak Karta: Nggih Gus, kula nderek ngemum mawon.

Jaka Lelana: Pak rehne kula dereng ngertos mergine, yen sampeyan lega manahe, kula nedha ancer2 urut2ane margi ngantos dugi pucak.

Pak Karta: nggih ta nek ngoten, ning sing ajeng kula criyoskeniku margi sing sering kula langkungi mawon Cobi sampeyan mirengake. Saking dhukuh Tara ngriki lampahe ngidul ngetan nglangkungi dhukuh Blumbang. dhukuh Tlagadlingo anjog Cemara Sewu. Saking Cemara Sewu ngaler ngetan menggak-menggok ; nekuk ngidul terus minggah ngetan Yen empun dugi papan sing namane Tamansari enten ngriku sampeyan ampun kaget lan ampun ajrih. Jalaran kaprenah kidul kilen Tamansari niku dununge kawahe redi Lawu. Swantene kawah gemludug. damel mirising manah.

Gandane lirang nduleg: sing beten betah ambete. nggih marakake sesek Saking Tamansari margine minggah ngaler ngetan, anjog jurang Pangarib-arib. Enten ngriku sampeyan nggih kedah kendel caos dhahar. Awit jurange lebet sanget, tur gawat, Wiwit ngriku sering kedhatengan amphuhan, sing disetani ampuhan niku peteng kados pedhut nggembuleng, mawi nyuwanten kumrasak ngujrih-ajrihi, hawane kekes atis.

 Saking jurang Pangarip arip mergine wiwit minggah ndeder, puruge mengetan dugi Punthuk Papon Saking Punthuk Papon mergine mengidul dugi Penggik, terus dugi Ondharante; terus anjog Cakrasrengenge. Onten ngriku sampeyan kedah kendel caos dhahar. Yen mireng swanten peksi crat-cret, sampeyan telingke prenahe swara. Yen empun cetha dununge swara sampeyan turut kangge, panuntun lampah sampeyan, murih bonten keblasuk Miturut piandele tiyang-tiyang ing ngriku, peksi wau namine Jalak Gadhing Wulune ijo, cucuk kuning, nganggo jamang kuning kados enco Peksi wau utusane Sinuhun Lawu, didhawuhi nedahake margi dha teng sinten mawon sing redya sowan.

 Saking Cakrasrengenge mergine ngidul ngilen, menggah malih dugi Harga Dalem, nggih ngriku niku sing disetani palenggahane Sinuhun Lawu.