Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 91 —


 Sasampunipun ngucapaken mantra lajeng nggedrug (njejak) siti rambak kaping tiga, tumunten bidhal.
 Lampahipun dharat saking kampung Jajengan mangaler dumugi margi agengg Keprabon menggok mangetan nglangkungi Gladhag, pelken Harjanagara (katelahipun kawastana Pasar Gedhe), Mesen, Jebres, Jurug, Palur, terus mengetan bablas.
 Wetawis wanci bedhug siyang, lampahipun Jaka Lelana sampun dumugi Tawangmangu, Lajeng kendel wonten sangandhapipun wit klengkeng ingkang ayom, perlu ngaso. Sareng sampun ngaso ing sawatawis Jaka Lelana nglajengaken lampah. Saking Tawangmangu merginipun sampun wiwit minggah, arahipun ngidul ngetan. Watawis wanci Asar lampahipun Jaka Lelana dumugi ing dhukuh Tara, laladan Kalurahan Blumbang. Ing padhukuhan wau kewontenanipun hawa sakalangkung asrep Sarehne sampun badhe nyelaki wanci seraping surya jejaka wau lajeng pados pasipengan. Kaleresan ingkang dipun jujug, griyanipun juru panedah margi dhateng redi Lawu, nama Pak Kartasentana. Jaka Lelana sasampunipun uluk salam, ingkang gadhah griya medal. Salajengipun Jaka Lelana anglairaken panembung, menawi kepareng sarta boten wonten pakewedipun badhe nedha sipeng sedalu kemawor. Pak Kartasentana saderengipun suka wangsulan, pitaken dhateng Jaka Lelana bab nama, griya sarta sedyanipun badhe dhateng pundi. Jaka Lelana ugi suka wangsulan ing saperlunipun. Enggalpun panembungipun Jaka Lelana neda nyipeng, dipun tampi kanthi bingahing manah.
Jaka Lelana sasampunipun reresik badan lajeng jagongan kaliyan pak Kartasentana, sinambi wedangan lan nedha pohung bakaran.
Pak Karta: Gus, sampeyan kok boten mawi rencang niku asale minggah teng redi Lawu empun rambah ping pinten?
Jaka Lelana: Pak, kula dereng nate minggah, enggih nembe sepindah niki, dados kula mung majeng tekad mawon. Dene sababe kula boten ngajak rencang, kabekta kula niki lare lola tur ontang anting. Dados mrika-mrika empun kulina ijen mawon.
Pak Karta: We lha, kok ageng tekad sampeyan. Napa boten ajrih yen manggih alangan onten mergi?