Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 90 —

LELANA MINGGAH REDI LAWU

 Kacarios ing kampung Jayengan Surakarta, wonten satunggil ing jejaka sampun lola, nama Jaka Lelana Menggah Wewatekanipun jejaka wau anocogi sangat kaliyan namanipun, inggih punika remen lelana lan amesu brata.

 Anuju satunggaling dinten ngajengaken tanggal sapisan wulan Sura, Jaka Lelana tuwuh sedyanipun badhe minggah ing Redi Lawu. Kajawi kepengin badhe nyumerepi kawontenan ing pucaking redi, ancasing cipta badhe amesu brata, nyenyadong parimarmaning Pangeran ingkang murbeng jagat, sageta sinembadan punapa ingkan sinedya.

 Nalika bapakipun taksih gesang, piyambakipun asring dipun dongengi bab kawontenaning satunggal-tunggalipun papan patilasan ardi-ardi, pasareyan-pasareyan lan sapanunggilipun ingkang asring kangge panepen utawi pajiarahan. Dados boten nama aneh yen piyambakipun mengertos dhateng wewaler-wewaler ingkang boten kenging tinerak, punapa dene tata-cara tuwin sesaji ingkang kédah katindakaken. Upaminipun: menawi sumedya minggah dhateng pucaking redi Lawu, kedah tatag teteg sarta adhedasar suci ing lahir batosipun, Dene wewaleripun boten kenging mengangge ingkang sarwa ijem warninipun.

 Sareng sampun kacekap anggenipun ngrakit pirantos2 ingkang badhe kabekta minggah, Jaka Lelana bidhal piyambakan. Badhe bidhalipun, ngucapaken mantra wasiyat saking bapakipun, murihipun supados rahayu ing lampahipun. Menggah rapalipun makaten: Sengkala sengakala padha suminggaha, durga mandheg, gajah mungkur rahayu slamet saka kersaning Allah Sang Hyang Ibu Bantala, Sang Hyang Bapa Hanantaboga, niyatingsun lumaku rina kalawan wengi. Ana sangkala enggal balia saking karsaning Allah.