Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 89 —

Ratune baya ngaturake, lan nyumanggakake apa kang dadi kersane Ki Buyut Kanthi ngasta pitik babon putih Ki Buyut nuli kondur. Tumeka ing dalem pitik babon putih malih dadi Nyai Hirapati. Sawise lerem sawatara, kanthi ngasta gembel lan dhadungduk, Ki Buyut rawuh maneh ing kratone baya. Sarawuhe ing kono baya kang nandhang luput banjur dikalungi dhuk sarta dititihi, didawuhi ngeterake kondur mengyang Banjarsari.
Lakune baya kanthi nglangi Ing sadalan-dalan congore dipenthungi dening Ki Buyut nganggo gembel, nganti gobrah getih. Bareng tekan gisiking Bengawan sacedhake daleme Ki Buyut baya banjur katuntun munggah ing gisik. Putra wayahe kang methukake rawuhe, didhawuhi menthungi baya kang mentas dititihi.
Para putra wayah banjur padha tumandhang Ana kang menthungi nganggo alu: ana kang mbandhemi nganggo watu Ing sarehne baya wis rumangsa luput lan banget kelaran, mula banjur matur marang Ki Buyut, nyuwun ngapura lan mertobat. Ora bakal ganggu-gawe marang putra wayahe. Lan prasetya, ing tembe buri yen baya mau ngetok, putra wayahe Ki Buyut aja nganti menyang Bengawan. Awit wektu iku ing Bengawan ana baya lanjon kang golek mangsan Sawise ngaturake prasetya, baya diparingi pangapura, nuli lunga nggebyur ing Bengawan. Sabanjure baya mau dadi danyang ana Bengawan kono. Tumeka saiki, yen ana baya kang gulune kalungan ireng ngetok, wong2 ing desa Banjarsari padha ora wani menyang Bengawan.


TAMAT.