Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 88 —

Amarga ing pasarean mau kang sumare jejer sanga Gotek dedongengan kang sumare ing pasarean mau putra pajang kane lolos tinggal praja. Lolose saka Pajang sagarwa putra. banjur dhedhukuh ana Banjarsari nganti sasedane Pasarean mau saben taun disadrani dening wong2 ing desa Banjarsari : kasuwun sawabe berkahe, supaya slamet lan nemu mulya uripe. Dene pasareane Buyut Hirapati kanggo pasadranane wong2 kang padha nglakokake Jru lan gethek aja diganggu gawe dening baya. nemua slamet ing lakune Anane pasareane Buyut Hirapati dadi pasadranane tukang nglakokake prau utawa gethek, miturut gotek dedongengane kaya ing ngisor iki:

 Ing sawiji dina Nyai Buyut Hirapati kadherekake putrane mususi beras menyang Bengawan sajrone lagi mususi Nyai Buyut disarap baya, kagondhol menyang kedung Depis desa Sima. Dohe saka dhukuh Banjarsari watara 4 pal. Putrane mirsa menawa ingkang ibu digondhol baya, nuli kondur matur ingkang rama, ya iku Kyai Buyut Hirapati. Ki Buyut nampa ature putra, banjur rawuh ing Bengawan, nggebyur ing banyu. Wektu iku ki Buyut mirsa garwane kagondhol ing baya, Menyang endi parane baya dening Ki Buyut tansah ditutake. Wekasan lakune baya tekan ing kedhung Depis Ora antara suwe Ki Buyut uga rawuh ing kedhung Mirsa ing kono ana guwane nuli dileboni Lagi ngancik ing cangkeme guwa, Ki Buyut kraos manawa manggon ing alam kaalusan Cangkeme guwa malih katon gapuraning karaton Ki Buyut terus lumebu, mirsa guwa mau malih awujud kraton kang endah rerenggane.
Dene baya2 kang ana kono padha awajud manungsa Mung Nyai Buyut Hirapati malih awujud pitik babon putih ana ing kurungan.

 Cekaking carita Ki Buyut ketemu ratune baya. Ratune Baya nyumurupi Kasektene Ki Buyut banget gumune, lan rumangsa kasoran prabawa. Mula iya ora wani apa2. Ki Buyut ngandika, rawuhe ing kono perlu mundhut kagungane pitik babon putih kang ana ing kurungan. Lan mundhut baya kang nggondhol garwane, perlu arep dipidono.