Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
— 87 —

Manggone ing wit asem gedhe ing pinggir kedhung. Wit asem mau dadi pepundhen kanggo panuwunan wong kang nyuwun sugih.
Kajaba ana ing wit asem. Kyai Singajaya Mangon ana wit ingas kang tukhul ing pinggir Bengawan ing desa Majenon. Wit mau uga dadi pepundhen, ya iku yen ana wong duwe gawe nganggo nabuh gamelan kudu caos dhahar mrono. Yen ora caos dhahar, kang duwe gawe mesthi nemu alangan.


10. KEDHUNG SRUNGGA

Bengawan Sala nalika iline ana sacedhake dhukuh Kampak desa Tanggir, ana kedhunge aran kedhung Srungga. Ing kedhung kono ana bayane gedhe, katiban watu gedhe ora bisa obah Sabanjure baya mau dadi dhanyange kedhung kono. Saben ing mangsa labuh, yen ana swara gumludhug asal saka kedhung mau, miturut piyandele wong tani ing desa kono, anggone tetanen bakal akeh asile


11. PASAREAN TULUNG

Kaprenah ing sakulone kutha Bojanagara, dumunung ing sa pinggire Bengawan Sala, ana desa aran Tulung. Ing kono ana pasarean kang gawat, Dene kang sumare ing kono jejuluk Gusti Raden. Ya iku putra Pajang kang kaseser perange karo (mungsuh) Mataram.

Mungguh halade pasarean mau, yen wong ing desa Tulung kono ana ngombe inuman keras, bangsane arak (ciu), wong mau mesthi edan, ora suwe banjur mati.


12. PASAREAN BUYUT KENCANA

Saelor wetane kutha Bojanagara ing pinggir Bengawan Sala kang sisih lor ana gununge cilik, bawah desa Banjarsari. Ing kono ana pasarean aran pasarean Buyut Kancana, uga karan pasarean Buyut Sanga.