Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 86 —

Patine buta mau mbreganggrang. Luluhe dadi Tinggang Ing papan mau isih tinemu balung gedhe gedhe, kakira balung buta.

6. BENGAWAN GETAS.

 Kaprenah sangisore Bengawan Pasar Sore, ana papan kang gawat Ya iku tengah tengale Bengawan Sala ana pulone jejer loro Menawa tukang nglakokake prau ora ngati ati, praune notog pulo mau bisa pecah utaw kerem Awit menawa banyune gedhe, pulo mau klelep ora ketok.

7. KEDHUNG WER PITU

 Sangisore Bengawan Getas ana kedhunge, aran Kedhung Wer pitu. Prenahe ana ing tekukan Bengawan kang banyune mulek.
Ing kono ana pulone cilik kakum ing banyu, ora ketok. Anane diarani kedhung wer pitu, ing kunane, yen ana prau liwat kono, sarate kudu mungser (oleg) kaping pitu.

8. SOBRAH PANGANTEN

 Ing dhukuh Semandhing bawah desa Kemiri, ana wit gedhe jejer loro, thukul ing tengah-tengahing Bengawan Sala. Papan mau karan Sobrah panganten. Goteking dedongengan ing jaman kuna ana panganten sarimbit nyabrang ana kono kintir keli, kang wekasane ilang.
Sailange penganten nuli ana wit thukul jejer loro. Dikira wit mau kedadean saka penganten kang ilang Tukang nglakokake prau yen liwat ing kono, kudu meneng, ora kena rembugan. Lupiyane manawa nerak pepaline para kupa, praune mesti nemoni rubeda.

9. KEDHUNG WALIYAN.

 Sacedhake Bengawan Sala ana desa aran desa Pethak. Ing kono ana kedhunge, aran kedhung waliya. Lumrahe ing akeh kedhung mau ana kang mbau reksa, awujud setan gundhul, aran Kyai Singajaya.