Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 85 —

Sisih kulon Kraton Bengawan Sala disundhet kagawe Bengawan karan Bengawan Pasar Sore. Sudhetan mau tumeka kali Kecing, terus gathuk karo Bengawan Sala.
Dadi kratone kaubengan ing Bengawan Jembare papan kang dienggo kutha dununge kraton ana sapal pesagi. Wektu sugenge Arya Panangsang kersa gawe watu gedhe kaentha gong. Watu mau dicemplungake ana ing wiwitane sudhetan Bengawan Pasar-Sore. Prau prau kang liwat ing kono kudu ngati-ati. Sebab yen nganti natab watu gong, praune mesthi pecah.
 Mungguh Arya Panangsang iku putrane Pangeran Seda Lepen (putrane R. Patah. Sultan Demak) Sedane Pangeran Seda Lepen wektu jumeneng Sultan Demak, disedani dening putrane Pangeran Trenggono ya iku Pangeran Prawata. Awit saka sedanne keng ramane, ya iku Pangeran Seda Lepen, Pangeran Prawata banjur disedani Arya Panangsang. Nanging Arya panangsang durung lega penggalihe: arep nerusake panyidrane marang putra-putrane Pangeran Trenggana. Klakon nyidra garwane Ratu Kalinyamat. Banjur ngangkah arep nyidrapi Sultan Pajang, nanging ora bisa klakon. Ratu Kalinyamat lan garwane Sultan Pajang iku pada putrane Suwargi Sultan Trenggana. Sultan ngerti marang karepe Arya Panangsang kang ora becik. Mula Jipang banjur di Jurugi saka Pajang. dadi perang rame. Wektu arepe perang ana Swara keprungu, sapa kang wani nyabrangi Bengawan Pasar Sore bakal asor jurite. Sarehne watake Arya Panangsang brangas, Bengawan Pasar Sore disabrangi. Tumeka sisihe (sabrange) Bengawan Arya Panangsang ditumbak dening Ki Ageng Pamanahan mbrodol ususe Usus kumlewer disampirake ing Wengkingane kang saiki ditiru kanggo rerenggan awujud kembang gombyoke keris penganten. Arya Panangsang durung seda, malah ngamuk punggung, agawe pepati akeh. Sarehne tituhane jaran nglumba2, wangkingane modot nggesrek usus, Usus cedhot. Arya Panangsang dhawah, terus seda. Prajurit Pajang banjur padha surak mawurahan jalaran perange menang.

5. TINGGANG.

 Sangisore Bengawan Pasar Sore ana kedhunge, aran kedhung Braja, kang kejogan iline banyu kali Tinggang, kang tuke saka gunung Ngancik. Anane aran inggang, gotek dedongengan ing jaman kuna ana buta mati kuna panahe Kyai Ageng range.