Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 84 -

Ing sadhuwure watu ena Guwane: ing sadhuwure guwa ana kuburane. Papan mau dadi patilasane Kanjeng Sunan Bonang.
Lakune prau yen liwat ing kono, kang padha nunggang ora kena rembugan sora. Menawa wani nerak, ya iku rembugan sora, praune mesti nemoni bebaya. Kang mesti kerem utawa pecah.

 Mungguh anane Guwa Sentana iku miturut dedongengan, kalayan cekak kaya ing ngisor iki:
Ing pucaking gunung Bonang ana benggole durjana, jejuluk Blacak Ngilo Blacak Ngilo misuwur digdayane lan sekti. Wong2 ing Bonang lan sakubenge padha susah atine, sebab tansah dicolongi bandhane. Kanjeng Sunan Bonang mireng pasambate wong2 padesan kang rumagsa dijarah rayah bandhane dening wong2e Blacak Ngilo. Ing sawiji dina Kanjeng Sunan Bonang manggihi Blacak Ngilo. Paring dhawuh supaya dhewek meareni tindake kang agawe susahe wong2 ing padesan. Blacak Ngilo krungu dhawuhe Kanjeng Sunan ora nggugu, nanging malah muring2 ngajak adu kasekten Pangajake dituruti dening Kanjeng Sunan. Wektu iku Blacak Ngilo muja gandhen dadi jago.
Kanjeng Sunan muja palu dadi jago. Nuli padha diedu Jagone Blacak Ngilo kalah, badhar dadi gandhen. Warna-warna kesektene kang diwetokake, nanging mung tansah kalah karo kesektene Kanjeng Sunan Pungkasane adu kasekten. Blacak Ngilo Ngajak (main) dhelikan. Kanjeng Sunan diaturi nggoleki anggone ndhelih. Blacak Ngilo ambles ing bami, menthungule ana pinggir Bengawan Sala. Papan menthungule Blacak Ngilo dadi guwa, kang banjur aran Guwa Santana. Wektu Blacak Ngilo menthungul, Kanjeng Sunan wis ana papan ing dhuwure guwa kang saiki awujud kuburan.

 Sarehne Blacak Ngilo wis rumangsa lalah kasektene Sarta wis sayah, mula banjur sumendhe marang kersane Kanjeng Sunan Bonang. Papan mau saiki aran desa Mendhen.

4. BENGAWAN PASAR SORE.

 Ing desa Jipang kadhistrikan Panolan, Kab. Blora, ana papan tilas kratone Adipati Jipang asma Arya Panangsang. Mungguh pernale kraton ana sapinggire Bengawan Sala.