Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 83 —

banjur didhaupake oleh Dewi Maya. Ananging panggalihe Kyai Ageng lingsem, dene putra putrine oleh pangone. Saka lingseme Jaka Sangsang sumedya dipisahake karo Dewi Maya. Kyai Ageng oleh akal. Jaka Sangsang arep disuwitakake menyang Krato Pajang Klakon, ing sawiji dina Jaka Sangsang diparingi layang dening Kyi Ageng Layang supaya diaturake menyang Pajang Cekaking carita ana Pajang pasuwitane Jaka Sangsang ditampa, lan kalebu kasihan Gandheng rupane bagus, Jaka Sangsang banjur kapundhut mantu, kadhaupake karo putrane putri, kang sulistya ing warnane Sarehne ana Pajang wis lawas, Jaka Sangsang pamit karo garwane arep tilik menyang desa Kuwung. Sang putri Nglilani.

 Dewi Maya kang wis suwe katinggal dening kakunge, ing sawiji dina mangkat saka daleme, nedya nusul menyang Pajang. Lampahe nyabrang Bengawan Sala, kang wektu iku banyune kena disabrangi. Lampahe tekan tengahing Bengawan keplesed dhawah, slirane kentir, keli kecemplung ing kedhung, dadi lan sedane.

 Nalika iku, lampahe Jaka Sangsang tekan kono Mireng ramene wong2 kang padha tetulung, Jaka Sangsang nginguk banjur ing kedhung. ing kono mirsa Dewi Maya awe-awe. Jaka Sang-sang nuli ambyur ing kedhung, dadi lan sedane.
Putri Pajang kang wis sawetara lawas tininggal ing kukunge, nuli nusul menyang desa Kuwung. Lampahe tekan ing sacedhake kedhung ana kang matur, menawa Jaka Sangsang seda kecemplung ing kedhung Mireng paturan mau, Sang putri banjur nyemplung ing kedhung, dadi lan sedane. Awit saka kaanan mengoko mau, kedhung banjur diarani Kedhung Maya. kang pikolehe dadi papan gawat. Menawa ana prau liwat ing kono, kang pada nunggang Kudu pada meneng, ora kena rembugan. Awit yen pada rembugan, apa maneh nyuwara clometan, praune mesti bilai, kerem.

3. BENGAWAN GUWA SENTANA

 Ing sangisore (urute) Kedhung Maya, ana pupan kan gawat maneh, karan Bengawan Guwa Sentana Anane diarani mengkono, amarga iline banyu Bengawan notog watu gedhe.