Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 82 —

V. PAPAN URUTE BENGAWAN SALA ANA KANG GAWAT

  1. Kerek.
    Saelore Kutha Ngawi, ana panggonan kang diarani Kerek. Anane aran Kerek, jalaran samangsa ana prau kang mudhik, ana kono prau mau kudu dituntun nganggo dhadhung, kagered ing wong lumaku urut pinggire Bengawan, sebab iline banyu santer banget, lan dhasare Bengawan banget miringe, watune mlapar.
  2. Kedhung Maya.
    Kacarita ing sangisore Kerek ana desa aran desa Kuwung. panggedhene desa aran Kyai Ageng Kuwung. Ing sawiji dina Kyai Ageng pinuju mlampah2, priksa ing kali kurung ana bocah lanang keli, kesangsang ranggot Dening Kyai Ageng bocah mau ditulungi, tinemu isih urip. Bocah banjur kadadekake panggone, dikon angon kebo Sarehne ketemune kesangsang, bocah mau dijenengake Jaka Sangsang Mungguh Jaka Sangsang iku sejatine ing ngarep anak angkate mBok Randha ing Jambe, wujude bagus.

 Ingon-ingon kebo Kyai Ageng akeh Dadi bocah pangone iya akeh Kebo2 mau yen diplegungake ing plegungan katon, kumruwet kaya semut, Tilase papan plegungan saiki dadi kali, katelah jeneng kali Semut.

 Kocapa sawijining bengi Jaka Sangsang lan kanca kancane bocah pangon pandha turu ana pandhapane Kyai Ageng. Wektu lingsir wengi Dewi Maya, putrine Kyai Ageng Kuwung pinuju metu, mirsa kabener ing awake Jaka Sangsang ana cahya mencorong Sang Dewi nuli marani. Jarik kang dienggo Jaka Sangsang banjur dibundheli. Esuke Sang Dewi matur marang Kyai Ageng. nyuwun supaya didhaupake karo bocah pangon, kang jarite ana bendhelane.

 Kyai Ageng banjur nimbali kabeh bocah2 pangone. Sawiso nglumpuk, dititik. Jarik kang ana bundhelane, ya iku kang dienggo Jaka Sangsang Sarehning Jaka Sangsang wis diwasa,