Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 81 —

III. PENGHASILAN KANG TINEMU ING BENGAWAN SALA.

 Ing pinggir pinggire Bengawan Sala tinemu akeh lemahe kang mawur, kedadeyan saka lemah canmpur wedhi lembut, lumrah diarani "wedheg". Wong2 kang dedunung ana sacedake Bengawan akeh kang pada ngusungi wedheg mau, kanggo ngurug latare, bisa agawe gasik. Ana maneh lemah kang katut banjir, mandheg ing pinggir, kang aran waled. Wong nati padha mbutuhake waled mau, kanggo ngrabuk tetanduran, marake subur.

 Ing setren pinggir Bengawan tinemu akeh tanduran kang subur subur, ya iku tembako, Jagung, terong, krai, semangka, lombok, kancang Iline. Wong2 kang dedunung ana sakiwa tengene Bengawan, panggaotane padha golek wedhi, krikil saka Bengawan Oleh olehane didol menyang ngendi-endi: pepayone kanggo nyampet kabutuhane uripe. Kijaba golek wedhi lan krikil uga akeh kang paniguripane golek iwak, awit ing Bengawan Sala pancen akeh iwake warna warna kaya ta ; iwak badher, wagał, lempuk rengkik, kakap, wader pacal, trumpah, urang. senggaringan lspne.

 Piranti kang kanggo golek iwak ya iku; jala, samber, jaring, pancing, bandhang, cundhit, sisir, ayap, benco, waring, cempuling Ispne.

IV. BEBAYA ING BENGAWAN SALA.

 ing mangsa rendheng yen udane wis ora leren leren, lan terkedhang pirang-pirang dina udan terus terusan, Bengawan Salanjur banjir. Yen banjir sok ngedab-edabi Banyune luber nganti adoh saka lajere. Ngelebi desa-desa sawah sawah ing sakiwa tengene Wong2 sing kebanjiran padha ngungsi golek urip Omah akeh sing ambruk njur katut ing banyu. Prabot omah akeh rusak lan keli. Mengkono uga kewan2 ingon Kebo sapi ora bisa diungsek ake akeh sing ilang utawa mati. Luwih2 bangsane kewan iwen.

 Sawah2 pirang2 hektar padha rusak, ketrajang ilining banyu Tanduran-tanduran akeh kang mati, saka bosok. Saka kesuwen kerendhem ing banyu. Wis ora kalap Kapitunan bisa jutaan.