Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 80 —

nung Pandhan. Bareng iline tekan saelore kadistrikan Pelem, nekuk mengalor. Tekan Kadhistrikan Rengol nekuk mengetan nganti tumeka ing Babat Saka Babat ilining banyu ngalor ngetan dadi watese Kab. Tuban karo Gresik, banjur lumebu ing laladan Gresik, iline nekak-nekuk mangetan.
Bareng iline tekan sakidule kutha Sedayu, banyune Bengawan Sala banjur wutah ing sagara, ing salore supitan Madura.

II. BENGAWAN SALA GEDHE PITULUNGANE TUMRAPE WONG AMONG DAGANG LAN LELUNGAN

 Ing jaman kuna ing sadurunge ana sepur, para among dagang lan wong lelungan lakune padha metu ing Bengawan Sala, kanthi nunggang prau Wektu samana prau kang ngambah Bengawan Sala nganti atusan cacahe. Tumindake mung ing mangsa rendheng, awit banyune gedhe. Dene yen mangsa katiga ora bisa tumindak jalaran banyune cilik (sethithik). Yen banyune Bengawan gedhe, akeh prau padha momot dagangan saka Ngawi menyang Cepu, Bojanagara, Babat, Sedayu lan Gresik. Bengawan Sala katon rame. Prau dagang pating sliri, milir utawa nungsung ilining banyu (milirmudhik) saka Gundih tumeka Surabaya.
Papan kang kanggo labuh prau dagang dadi papan kang reja. Akeh wong dodolan bangsane jajanan warna-warna, kaya ta: sega wedang, gethuk pohung, puli, legandha. wajik ispne. Para pemborong cina kang mborong kayu jati, cukup kayune dicemplungake ing Bengawan sarana digandheng-gandheng mujudake gethek. Prasasat tanpa ragad. Mung mbayar tenaga kang diprecaya, kang tumindak kanthi nunggang gethek saka kayu-kayu mau karo nggawa satang. Kaya mangkono kalayan rikat saka daerah kehutanan, upamane saka Cepu, Bojanagara lspne kayu bisa dikirimake menyang Surabaya lllne.