Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 73 —

Supados tiyang tiyang ingkang sami langkung ing ngriku - rehne badhe mlebet ing Kraton - sami ngiling pribadinipun. Supados tiyang tiyang wau sami suci manahipun. Awit ing Kraton mekaten taksih kathah papan ingkang gawat.
Rampung nglangkungi Konten Kamandhungan, ing ngriku wonten bangsal. Ingkang iring wetan nama Bangsal Marcukundha Papan pasowananipun para abdi dalem prajurit. Ing kinanipun papan wau kangge ndhawuhaken putusan utawi ancaman dhateng para abdi dalem ingkang kalepatan. Dene bangsal ingkang sisih kilen nama Bangsal Sumarakarta. Ing kinanipun panggenan misudha abdi dalem Panewu, Mantri, Salajengipun kangge papan pasowan anipun para abdi dalen nglebet Kraton Saking plataran tengah tengahing bangsai, lajeng mangidul lumebet konten ageng malih ingkang kawastanan Konten Sri Manganti. Menggah tegesipun : Sri = ratu : Manganti = ngenteni Gotek dedongengan Konten Sri Manganti wau kaangge nggambaraken nalika jaman Kadewatan, papan anggenipun Bathara Hendra ngentosi pisowanipun R. Harjuna. Konten Sri Manganti kasebut kabangun dening Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV ing tahun Jawi 1718, tahun Masehi 1792. Ing sanginggilipun konten wonten gambar ambang kerajaan : Sri Makutharaja. Kiwa tengening konten gambar : kapas, pari Gambar gambar wau ngemu raos, bilih kaluhuraning negari mekaten, yen negari wau mirah sandhang lan tedha.

 Ing sang nggilipun konten kantor paccosan Sri Manganti wonten gambar minangka sengkalan tahun Jawi, inggih punika: Sanjata kasalira rasaning Narendra (= tahun Jawi 1685). Ing iring kilen ugi dipun wonteni sengkalan tahun Jawi: Sanjata tepun rasaning janma (= tahun 1585). Sengkalan tahun kasebut minangka pengetan adegipun (pandamelipun) Konten Sri Manganti. Saking konten Sri Manganti mlebet mangetan sekedhik dumugi ing plataran ingkang katancman wit sawo kecik cacahipun 88 wit Tademan sawo kecik 88 wau, saking pangandikanipun abdi dalem anerangaken, bilih saking weca pangandika Dalem Suwargi Ing-