Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 74 —

kang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X ing taun Jawi 1888 tanah Jawi sampun boten dipun kuwaosi Walandi, sarta kawontenanipun negari sarwa (asal saking sawo) sae (becik, asal saking : kecik).

V. BANGUNAN2 ING KRATON.
  1. Praba Suyosa (dalem ageng), majeng ngidul. Papan pangadhepipun para putri, yen Kraton wonten kaperluan.
  2. Parasetya, papan palenggahan Dalem Ingkang Sinuhun mirsani ringgit wacucal, bilih Kraton ringgitan. Wekdal suwargi Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X, Parasedya kaagem kantoran padintenan saha kaagem manggihi tamu ingkang boten dines (resmi).
  3. Sasana Sewaka, papan palenggahan Dalem Nata yen pinuju lenggah siniwaka: lenggah ing dhampar; ing sawingking palenggahan dipun wonteni rerenggan awujud "Traon", ingkang winastanan "Bale Buka Sri".
  4. Pandhapi Ageng: majeng mangetan. Dalemipun Ageng majeng ngidul Nalika ingkang jumeneng Nata suwargi Ingkang kaping X, Pandhapi Ageng kasebat, Saben dinten Senen Kemis kaagem lenggah sinewaka.
  5. Sasana Handrawina Kagem kenbul bujana bilih wonten tamu Agung. Utimi kaagem dhahar sesarengan kaliyan para putra santana, bilih ing Kraton wonten damel/kaperluan para putra.
  6. Paningrat, emper mubeng, ngubengi Pandhapi Ageng.
  7. Maligi, panggenan kangge supit (tetak) para putra-putra panjenengan Dalem Nata.
  8. Ing sakidul Pandhapi Ageng wonten papan panggenan gamelan Kyai Kaduk Manis lan Kyai Manis Rengga Gamelan wau saben dinten Senen kaungelaken. Saben dinten Rebo kaungelaken kangge ajar-ajaran beksan Serimpi. Dene ing dinten Sabtu kangge ajar2an beksa bedhaya.
  9. Kaprenah sawetan plataran wonten bangsalipun 3, inggih punika;