Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 72 —

Ing bagean nglebet kiwa tengening konten wonten bangsal nama Bangsal Wisamarta. Tegesipun toya racun. Sanginggil konten bagean tengah, wonten wacucal lembu salembar wangun pesagi, minangka sengkalan memet. Cethanipun; lulang sapi siji = 8, ilang: 0 sapi: 7 siji: 1 taun Jawi : 1703, taun M:schi 1782. Punika titimangsa pandamelipun konten Brajanal. Wondene ingkang iyasa Ingkang Sinuhun Paku Buwana III. Kaprenah iring kilen wonten bangsal, ingkang rumiyinipun pangzenan pajagen Compagnij (prajurit cavalori Walandi ugi kawastanan Legunder) ingkang kawajibaken njagi Kraton. Gotek pangandikanipun para sepuh, Legunder ingkang jagi nampi pa ing Dalem cadhong tedha lan arta. Ing iring wetan wonten bangsal, panggenan pajaginipun para abdi Dalem prajurit Kaprenah ing sakidul Konten Brajanala wonten emper ingkang kawastanan Maderata. Bilih Ingkang Sinuhun badhe tedhak nitih rata, minggah mandhapipun wonten ing bangsal ngriku.

IV. KAWONTENAN ING SALEBETING KRATON.

 Saking Maderata mlebatipun ing Kraton nglangkungi konten ageng, ingkang kawastanan Konten Kamandhungan, ingkang tegesipun kendel ( mandheg ). Gotek saking dongenganipun para sepuh hilih nalika. taksih jaman Kadewatan, ing Konten Kamandhungan, ngriku kendelipun R. Janaka ngentosi timbalanipun Batbara Hendra.

 Ing sanginggilipun Konten Kamandhungan wonten gambar lambang karij ian Jawi, inggih punika "kapas" pari, lan makutha raja Menggah werdinipun : kapas = sandhang : pari = pangan : makutha kaluhuran. Lambang/simbul kasebut ngemu pitedah, bilih ngagesang boten namung ngoyak kacekaping sandhang tedha, nanging ugi kedah ngudi gegayuhan luhur, kinanthenan ing tarak brata. Bagean nglebet saking konten wonten pengilon ageng tumemplek tenbok. Wontenipun kaca pengilon kapasang ing ngriku. boten teka nyedhiyani kangge ngadi busana. Nanging mengku pikajeng langkung wigatos.