Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 69 —

Kaprenah ler kandhang sima wonten bangsal, nama Bangsal patalon panggenan nabuh gangsa dinten Setu, menawi pinuju ajaran perang kanthi numpak kapal. Sawetan Pagelaran wonten bangsal nama Bangsal Pacekotan, panggenan ngempalipun tiyangtiyang ingkang badhe nampi paring Dalem ganjaran Bangsal ing kilen Pagelaran nama Bangsal Pacikeran, kanggo pakendelanipun tiyang ingkang badhe nampi paukuman Kaprenah sakidul Pagelaran ing iring wetan wonten bangsal alit, nama Bangsał Martalulut Papan pisowanipun abdi dalem ingkang kajibah mriksa prekawis. Dene ing sisih kilen minangka sisihanipun, wonten bangsal alit, nama "Bangsal Singanagara, panggenan pisowanipun abdi dalem ingkang kuwajiban mutus prekawis.

 Ing tengah tengahing undhak2an ingkang badhe minggah dhateng Setinggil wonten sela, kawastanan "Sela Pamecat". Ing jaman kinanipun sela wau kangge landhesan nugel gulunipun tiyang ingkang kaukum pejah. Ing tengah-tengah Pagelaran wonten bangsal, nama Bangsal Pangrawit. Miturut dedongengan bangsal wau asal saking griya ing baita titihanipun Sang Prabu ing Jenggala. Ing tengahing bangsal wonten selanipun pesagi. Kecriyos sela menika Dampar palenggahnipun Sang Prabu Hayam Wuruk ing Majapait.

 Bangsal Pangrawit menika kagem papan lenggahipun Panjenengan Dalem Nata menawi pinuju miyos tinangkil, perlu ndhawuhaken bab bab ingkang gegayutan prekawis maringi ganjaran, utawi ngadili prekawis tumrap tiyang2 ingkang nampi kalepatan.

II. KAWONTENAN ING SITINGGIL

 Sitinggil utawi Sitibentar punika iyasanipun Swargi Ingkang Sinuhun Paku Buwana III. Jangkepipun nama ; Siti Inggil Binata Warata. Inggih menika titimangsa anggenipun iyasa sinengkalan taun Jawi: Siti Inggil Palenggahaning Ratu (Tahun Jawi 1701).