Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 68 —

Kyai Pancawara menika ingkang iyasa suwargi Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, Ing sarehna wujudipun sakalangkung ageng tinimbang sanes2 ipun, amila tiyang2 amastani "Kyai Sapu Jagat".

 Mriyem jejer kalih ing ngajeng Pagelaran, ingkang wujud lan agengipun sami, punika pisusung saking Portugis. Dene namanipun ingkang sisih wetan "Kyai Swuh Brastha", tegesipun ; ical utawi lebur. Ingkang kilen nama "Kyai Segara Wana", tegesipun: seganten lan wana. Namanipun mriyem kalih wau minang. ka pengetan icalipun panguwaos Dalem Ingkang Sinuhun tumrap panguwasa sakiug asil wana. Dene asil asil wau 1 jeng dipun kuwaosi dening Pamarentah Walandi.

 Enget-engetan salebetipun tahun Masehi 1964, saking keparengipun Pemerintah Republiek ndonesia, Mriyem 3 iji kasebut kapindhah. Kyai Pancawara wonten wetan Pagelaran majeng mangetan, Kyai Swuh Brastha lan Kyai Segara Wana kaprenahaken wonten sakiwa tengenipun undhak2an ingkang badhe minggah dateng Siti Inggil, majeng ngaler. Ing sisih kilen Pagelaran Wonten mriyem alit majeng mangilea, nama Kyai Santri, iyasanipun ing jaman kina abdi dalem Keparak. Ing sangajenging Pagelaran iring kilen wonten Tugu minangka pengetan pindhahipun kraton saking Kartasura dhateng Surakarta, jangkep 200 tahun. Pandamelipun tugu wonten salebetipun tahun Jawi 1869 tahun Masehi 1938 Kaprenah ngajeng Pagelaran mojok iring wetan lan kilen wonten griya payon seng ingkang kawastanan Bangsal Pandhengan. Bangsal wau manawi dinten ageng kangge panggenan titihan Dalem kapal ingkang karengga ing prabot (pakean) jangkep. Sawetan lan sakilen Bangsal Pamandangan wonten bangsal asaka pilar ingkang kawastanan "Bangsal Paretan", Bangsal wau bilih dinten ageng kangge panggenaa titihan Dalem kareta kanthi prabot jangkep. Ing jaman kina bilih panjenengan Dalem Nata badhe tindak pesiar (ameng2) titihan sampun sumadhiya ing bangsal wau. Ing samang sawetana ke sampun kabongkar jalaran katrajang ing margi. Ing sawetan Ing Bangsal Paretan ingkang wetan, rumiyin wonten kandhangipun sima.