Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 70 —

Tahun Masehi 1774. Minggahipun teng Sitinggil nglangkung konten ingkang kawastanan "Konten wijil". Tegesipun medal prentuling manah utawi: medaling lesan (wicara) Mriyem ingkang kaprenahaken jejer jejer manglung pancak suji Sitinggil, urut ing nama saking kilen mangetan, terangipun kados ing ngandhap menika:

  1. Kyai Bringsing, pisungsun saking negari Siyem.
  2. Kyai Bagus, pisungsun saking Jendral Van der Leen.
  3. Kyai Nangkula, pisungsun saking. V.0.C.
  4. Kyai Kumbarawa, iyasan Mataram tahun Jawi 1545.
  5. Kyai Kumbarawi, iyasan Mataram tahun Jawi 1545.
  6. Kyai Sadewa, pisungsun saking V,O.C.
  7. Kyai Alus, pisungsun saking Jendral Van der Leen.
  8. Kyai Kadhal Buntung, inggik Kyai Pamecut, inggih Kyai Maesakumali, iyasan saking Mataram.

Mriyem-mriyem kasebut ing nginggil ingkang rakitan kembar wujudipun wonten 3 pasang (6 iji). Punika kangge nggambaraken wontenipun panca indriya (Bolongan talingan 2 : netra 2; bolongan grana 2).

 Wontenipun bangsal bangsal ing Siti Inggil.

  1. Bangsal Sewayana, kabangun dening Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X ing tahun Jawi 1843 tahun Masehi 1913.
  2. Bangsal Mangunturtangkil, palenggahan Dalem Ingkang Sinuhun manawi pinuju dinten Riyadi, kados ta:
    1. Grebeg Mulud, ing tanggal 12 Rabingulawal.
    2. Grebeg (Bakda) Pasa (Idhul Fitri).
    3. Grebeg (Bakda) Besar (= Idhul Adha) tanggal 10 Besar.
  3. Bangsal Witana panggenan para abdi dalem ingkang ngampil (mbekta) ampilan upacara Kraton menawi pinuju Bakda.
  4. Bale Manguneng panggenan pandekekipun Mriyem Nyai Setomi.
  5. Bangsal Ngalun-alun,, panggenan nabuh gamelan nuju dinten ageng utawi Bakda,