Menyang kontèn

Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 67 —

Ing kilen margi ninangka sisihanipun, kawastanan Ringin Jenggot (jaler). Saking panggenan ringin kalih (Wok + Jenggot) wonten papan wiyar angenthak enthak, inggih punika ingkang kawastanan Alun alun Papan wau ing jaman rumiyin kangge gkadhen ajar-ajaran perang saben dinten Setu kanthi kabarung ungeling gendhing "kodhok ngorek"

Ing sakubenging Alun alun kaprenah ing ler, kilen lan wetan wonten griya jejer jejer, ingkang kawastan Kapalan. Inggih punika papan kangge ngaso para abdi dalem sakapalipun, ingkang mentas gladhen watangan kalayan numpak kapak. Sareng sampua boten wonten gladhen watangan, griya wau kaangge paleremanipun para abdi dalem Bupati ingkang sami sowan/seba, dhateng Kraton. Griya wau lajeng kawastanan Paseban.

 Ing tengahing Alun-alun kataneman wit waringin sekembaran. ingkang mawi kinurung pager ruji tosaa. Kaprahipun tetiyang sami mastani "Waringin kurung". Wondene wit waringin wau ingkang wetan nama Jayadaru, ingkang ateges; kemenangan". Ingkang kilen nema "Dewandaru", ateges "kaluhuran". Kaprenah kidul ringin kurung ketingal wonten griya ageng apayon gedheg, acagak dcling, ajrambah wedhi. Griya wau kawastanan "Tatag Rambat".

 Sareng jumeneng Dalem Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X Jumeneng dados Nata 1843, tetep 6. windu (48 tahun). inggih punika ing tahun Jawi 1843, utawi tahun Masehi 1913. Tatag Rambat lajeng kabangun. Dados apayon seng, asaka pilar, ajrambah plester Wondene cacaheng saka pilar wonten 48 Minangka pengetan, Jumeneng Dalem Ingkang Sinuhun tetep 48 tahun. Lan naminipun lajeng dipun santuni. Bonten nama Tatag Rambat, lajeng kanamakaken "Pagelaran" utawi Sasana-sumewa" Papan wau bilih dinten ageng kaangge papan pisowanipun Pepatih Dalem sapanekaripun, para Panewu, Mantri Bupati. Sangajengipun Pagelaran wonten mriyemipun cacah 3 iji. Ingkang wetan piyambak nama "Kyai Pancawara" nama wau mendhet sengkalan tahun Jawi, inggih punika "Pandhita Carem. Wuruking Ratu (1567), minangka pengetan titi mangsa pandamelipun.