Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 66 -

KAWONTENAN ING KARATON
DALEM ING SURAKARTA.

 Karaton Dalem ing Surakarta, punika anggenipun iyasa ing tahun Masehi 1744. Dene ingkang yasa panjenengan Dalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana II.

 Tumrap wangunanipun Kraton gotek pangandikanipun para sepuh, kapiridaken kratonipun Bathara Hendra ing Jonggring Salaka (Kahendran).

 Badhe lumebetipun ing Kraton lampahipun kawiwitan saking ler mangidul, nglangkungi Gapura angka I, ingkang kawastanan Galadhag. Ing rumiyinipun gapura wau awujud konten saking kajeng, ing ngandhap mawi rodha. Sakiwa tengening konten taksih awujud papan wiyar, kangge kandhangan kewan.

 Miturut dedongengan, para Panjenengan Nata ing jaman kina taksih remen mbebedhag. Bilih angsal kewan ingkang taksih gesang, upaminipun kidang menjangan Ispnipun, sami kalebetaken ing kandhang wau. Samangsa salah satunggaling kewen badhe kapragad, panyepengipun kewan sarana kagladag (kagiring). Ingkang kuwajiban nindakaken abdi dalem Gladhag. Lajeng papan panggenan konten mawi rodha (sapunika awujud gapura angka I) kawastanan Gladag.

 Sasampunipun gapura angka I, lajeng nglangkungi gapura angka II, ingkang ing kinanipun ugi awujud konten mawi rodha Papan wau kawastanan Pamurakan. Inggih menika papan kangge muiak kewan, ingkang degingipun kabagek-bagekaken dhateng para abdi-dalem utawi dhateng para kawula ingkang gadhah hak nampi bagean Ing kiwa tengen kaprenah sakidul gapura angka II wonten selanipun kentheng, ingkang ing rumiyinipun kangge landesan pamragatipun kewan. Saking sila kentheng ngidul, ing sisih wetan kataneman wit waringin ingkang kawastanan Ringin Wok (estri).