Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 130 —

Dewa 9 nyumerepi kawontenan wau, ingkang 8 lajeng sami ndingkluk. Dados anggenipun nyumerepi namung sadlerengan. Ananging Dewa ingkang satunggal boten ndingkluk, kados patrapipun Dewa-Dewa sanesipun, nanging malah namat-namataken ngantos kados paribasan "Kedhep tesmak" ( = kami tenggenen ). Sang Hyang Guru mirsa kawontenan kados mekaten wau, ndadosaken dukaning panggalih, lajeng dhawuhaken paukuman dhateng Dewi Uma tuwin Dewa cacah 9. Inggih punika sami kaandhapaken dhateng Ngarcapada. Dewa cacah 9 ing tembe dados putranipun Dewi Uma. Dewa ingkang namung sadlerengan anggenipun nyumerepi (pangliga sariranipun Dewi Uma), keparengipun Sang Hyang Guru, Dewa-Dewa wau namung sakedhap wontenipun ing ngaraca pada. Kosok wangsulipun Dewa ingkang ngantos kami tenggengen wontenipun ing Ngarcapada, inggih dangu/lami.

Kocapi satelasing dhawuhipun Sang Hyang Guru, Dewi Uma tumedhak ing Ngarcapada,anjalma dados putra putrinipun Pandhita linangkung.

Cithakan:GapmusikSatunggaling dinten Sang Prabu Santanu pepara nitih kuda,rawuh ing padhepokananipun Sang Pandhita, Sang Prabu mirsa ing Padhepokan wonten wanodya ingkang sulistya ing warni adamel kasmaraning penggalih. Sang Prabu lajeng ndangu dhateng Sang Pandhita, sinten ta wanodya wau. Sang Pandhita munjuk bilih wanodya wau putranipun nama Dewi Sulistya Wati. Saking kasiking kasmaran, saking keparengipun Sang Prabu. Dewi Sulistya Wati punika panjalmanipun Dewi Uma. Dene Sang Pandhita Sang Dewi dipun timbali, supados marak ing ngarsanipun Sang Prabu. Sasampunipun marak Sang Dewi kaparingan dhawuh, punapa ingkang dados keparengipun Sang Prabu, Sang Dewi munjuk sandika angestokaken, uger Sang Prabu kersa nuhoni janji, punapa ingkang dipunsuwun dening Sang Dewi. Inggih punika punapa ingkang katindakaken. Sang Prabu boten kenging nyaruwe lan angaru biru kedah namung sak kendel. Sang Prabu nyagahi