Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
— 129 —
KATERANGAN

Menggah tembang sinom angka 3 ingkang suraosipun: “perlu apa umur dawa, elinga uripmu iki, nglakoni ukumanira, durung pundhat dosa neki, dosanira ing nguni, wektu urip kang rumuhun“.

Punika terangipun makaten : Gesang ingkang rumiyin punika, miturut kawruh kebatosan, manungsa katitahaken gesang wonten Alam donya manawi pejah, ing mangka jiwanipun boten/dereng saged wangsul ing Alam kamulyan langgeng, inggih ing pangayunaningnPangeran Sejati (sampurna), jiwa wau taksih kedah tumimbal lair malih dhateng Alam donya, Mekaten wau bilih jiwa wau saged nampi pangapuntenipun Gusti Ingkang murbeng gesang.
Dene yen boten angsal pangapunten, tetep manggen wonten ing alam Kafiruna (Alam panasaran) Wondene umur dawa, punika ing sayektonipun ing atasipun ngelmu kabatosan ateges ukuman dawa, Tembungipun sanes "dipun paringi wektu panjang“, kangge nyekapaken ”kuwajibaning gesangipun“. Ewa semanten ugi kathah ingkang mbungaken "ganjaran" kangge lintunipun tembung ukuman. Upaminipun “saweg ginanjar sakit“, Senajan sakit menika boten sakeca, ewa semanten dipun tampi kados ganjaran saking Gusti ingkang Maha Agung. Pamila ing atasipun ngelmu kasuksman langkung perlu "mati(kang) sampurna", katimbang "umur dawa" awot saking punika prayogi kaudi, supados kita saged pejah kanthi gampil, pinarengan margi pandhang, boten ngangge sekarat (rekaos).

Wondene umur dawa kaanggep danguning paukuman, punika kula pethikaken dedongengan kalayan cekak, Inggih punika lelam pahanipun sang bisma. Terangipun mekaten.

Kacurios ing satunggaling dinten Sang Hyang Guru (Bathara Guru) lenggah kaadhep Dewa cacah 9. Ing wekdal wau dewi uma sowan. Dereng ngantos lenggah wonten angin ageng nempuh sariranipun, ngantos pangagemanipun kabur, Ing ngriku dewi uma pinanggih ngliga salira datanpa awer awer (wuda mbalejed).