Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 131 —

 Kalampahan Sang Dewi lajeng kapundut dados Prameswari. Anggenipun pala krama piannggih sami sih-sinisihan, atut rukun kados mimi amintuna. Kocapa Sang Prameswari mbobot, lajeng mbabar miyos kakung kanthi wilujeng. Ki jabang sanget pekik ing warni. Sasampunipun dipun rukti ing samestinipun, Ki jabang lajen kabopong dening Sang Prameswari, kacemplungaken ing bengawa. Sang Prabu mirsa tumindhakipun Sang Prameswari ingkang kados mekaten wau namung kendel kemawon. Awit enget dhateng punapa ingkang kajanjekaken dening Sang Prameswari, wekdal badhe kapundhut garwa. Tumindak ingkang kados mekaten wau ngantos rambah kaping 8. Saben Sang Prameswari kagungan putra, putranipun lajeng kacemplungaken ing benawi. Inggih putra 8 wau panjalmanipun Dewa 8, ingkang rikala Dewi Uma ngliga sarira (wuda) wonten ing Kahyangan, anggenipun ningali namung sadlerengan.

 Sareng Sang Prameswari kagungan putra malih, inggih punika mbabar putra ingkang kaping 9, badhe tumindhak kados ingkang sampun, Sang Prabu kapeksa nggondheli, boten kepareng bi lih putra wau kacemplungaken ing benawi kados ingkang sampun-sampun. Cekaking carios Sang Prameswari kaliyan Sang Prabu lajeng padudon rame. Wekasan Sang Prameswari lajeng muksa, badhar dados Dewi Uma, wangsul dhateng Kahyangan. Sampun pundhat saking wasesaning Sang Hyang Guru. Wondene putra angka 9, punika panjalmanipun Dewa ingkang kami tenggengen nyumerepi Dewi Uma inggih punika Sang Resi Bisma, inggih punika ingkang sedanipun ing perang Barata Yuda.