— 127 —
4. Murih bisane sampurna, lakune kang ngati-ati, kang becik kalakuanira, aja siya mring sesami, tumindak welas asih, marang pra titah sadarum aja agendhak sikara, tumindak kang ora becik, angudia kautaman uripira.
Ing nginggil sampun katerangaken, bilih baku gesanging raga punika angsal daya serat soroting gesangipun jiwa: amila bilih gesanging jiwa ngoncati gesanging raga lajeng tanpadaya, kados uran-uran dhandhang gula kalih pada ing ngandap punika :
- Ngendi benjang goningsun ngemasi, ngong wus wikan wisma geng kang kobar, anggereg pangalad alad. Upama ingsung lampus neng sajrone wisma kabesmi, wangkeningsun katiban, ing wreksa kang murub, gumuruh swaraning tangga, ting garubyug anyirep ubaling agni, ingsun ora miyarsa.
- Ngendi benjang nggoningsun ngemasi, ngong wis wikan wong nderes kang tiba, kongsi tekang kantakane. Upama ingsun lampus kang lantaran mengkono yekti, wangkeningsun gumlimpang neng jroning nerungkut, gumuruh swaraning janma, rerebutan samya amitulungi, ingsun nora miyarsa.
Saparipurnaning anggenipun nerargaken pamanggih bab sambutipun gesanging raga, Kyai Karsadimeja lajeng nerangaken bab tumimbal lair. Menggah jiwa ingkang dipun tumimbalaken lair, punika supadosa ngrampungaken pedamelan2 ingkang dereng rampung, rikala gesangipun ingkang rumiyen. Awit saking punika sami kangkaha gagedipun sampurna, sampun ngantos wongsal-wangsul malih.
Ing tembung sirom ing nginggil nerangaken: "ana donya rasa urip angebosi " Punika jumbuhipun kaliyan sawenehing kawruh kebatosan, bilih gesang punika yen sampun wonten raos gela lan kemba, ing gesangipun, punika mratandani bilih sampun nyelaki bade kukud ing yuswa (tilar donya).
Kejawi ingkang katerangaken ing nginggil. Kyai Karsadimeja nerangaken malih pamanggih, bilih "karsa" punika dados "kaagunganipun". Pangeran Ingkang Maha Kawasa.