Wontenipun dados ”kagungan” awit Pangeran badhe nitahaken sagunging dumados, wiwitanipun saking ”karsa“ Sasampunipun "karsa", Pangeran lajeng ngawontenaken Rasul (utusan). Ingkang kautus inggih punika Mokhamad, Mila lajeng sinebut “Mokhamad niku dadi utusane Pangeran“ Utusan wau kaparinganngampil kaelokan kaelokan lajeng wasesa ingkang makartinipun masesa kawontenan punapa kemawon. Salajengipun “sampurna“, inggih punika blegering wujudipun dumadi menggahoncek-oncekanipun mendhet saking dumadosipun manungsa panika saking Karsaning Pangeran. Lajeng adamel utusan, ingkang angampil kaelokan2(kalangkungan2 sasaminipun) Menggah dunungipun “karsa “ punika wonten ing sirah. Dene kaelokan dunung pun wonten ing dhadha, kaprenah susu kiwa tengen Lajeng ngewontenaken “wasesa", dumunung ing padharan, kaprenah ing lempeng kiwa. Ingkang tumindak inggih punika ”napsu". Barang wujud punapa kemawon saged klebet, Sasampunipun wasesa lajeng sampurna. Inggih punika sampun jangkep dados baleger wujuding manungsa Awit saking kawontenan wau bilih gadhah gegayuhan tuwin ngudi dhateng kasampurnaning, gesangipun ing lair utawi ing batos, sagedipun manggih kaelokan, kedah saged amasesa ing wasesa, kados ingkang kawrat ing buku Wedha-tama “kang wasesa, winasesa (a-nyulayani hawa napsu).
Ing sarehning sampun boten wonten ingkang katerangaken malih, Kyai Karsadimeja lajeng cariyos dhateng para siswa ingkang sami ngadhep, bilih pamanggih ing nginggil, leres lepatipun kaborongaken dhateng para siswa. Para siswa lan Jaka Lelana nampi pangandikanipun Kyai Kartadimeja ing nginggil, sakalangkung anggenipun nggatosaken. Gandheng sampun boten wonten ingkang kadhawuhaken, para siswa kalebet Jaka Lelana sami nyuwun pamit, badhe wangsul Kyai Karsadimeja anglilani kanthi njurung pamuji, mugi2 lapahipun ing margi dumugi ing griyanipun piyambak2 sami manggihaken karaharjan.
Para siswa lan Jaka Lelana lajeng sami bidhal, lampahipun ing margi boten kacriyos