Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 126 —

  1. Karana kaanan donya, mung tansah ngribeti pati, yen den kerem karemana, sarta banget den tresnani, mesthi nemu bilai. Lire kerem iku, kerem marang pra wanita, anggeyot anggrobag sapi, mungguh kerem marang sawarnining tedha.
  2. Dene diarani tresna, marang bandha drajit rabi, anak putu nora beda, iku kabeh angribeti, yen padha angoncati, wekasan agawe kisruh. Lamun banget tresnanira, kang tentu gingsir pinanggih, ora liya mung kang eling lan waspadha.

{{gap}]Mekaten menggah kawontenaning reribet utawi pepeteng ing gesangipun jiwa yen kawengku ing gesanging raga. Awit gesang ing raga mekaten remen dateng kanikmatan ing donya.

XI. SAMBATIPUN GESANGING RAGA.

Ing nginggil sampun katerangaken bilih gesanging raga punika remen sanget dhateng kawontenaning donya. Ananging gandheng kaliyan indhaking umur, ingkang njalari sudaning kekiyatanipun raga, punapa malih damel boten sekeca raosing raga, mahanani gesangipun raga kepeksa asesambat sarta ngudarasa dhateng badanipun piyambak, manawi nggadhadi raos bosen. Wondene pasambat lan pangadarasa gesinging raga kados uran2 tembang sinom kados ing ngandhap punika :

  1. Anane wong ana donya, rasa urip angebosi, baku urip tri pra- kara dhahar sare dateng wingking, lamun gothang sawiji, nora penak raosipun bentayangan luru tamba, supaya, bisaa mari, ewadene isih njaluk umur dawa.
  2. Umur dawa malah lara, sudane piranti diri, netra lan pamireng suda, waja sirna kari gusi. Keju kemeng ndhatengi, rengkeng2 lampahipun, ewadene isih arsa, amengku parawan sunthi, nguja hawa kaya Menggung Wiraguna.
  3. Perlu apa umur dawa, elinga uripmu iki nglakoni ukumanira, durung pundhat dosa neki, dosanira ing nguni, wektu urip kang rumuhun, mula urip nora penak, montang-manting saben ari, saka iku nyuwuna bisa sampurna.