Kaca iki wis divalidasi
— 113 —
- Handaru Pikolehe kareganan (dihargai) sarta kena keringan dening pepadhane tumitah.
- Teluh braja Pikolehe sinengitan dening sapepadhane tumitah, mangkono iku adat cepak ing sangsarane, adoh kabegjane tur cumawis kacilakane.
- Guntur. Pikolehe rinuketan marang sapepadhaning tumitah. Kang mengkono iku cepak bilaine tur cumawis bebayane.
Mungguh kedadeane emas, inten sapepadhane apa dene wahyu sapanunggalane, terange kaya ing ngisor iki.
- Emas, kedadean saka kringete rembulan awor bun sumusup ing bumi.
- Inten, kedadean saka kringete lintang awor embun sumusup ing bumi.
- Manik2 kedadean saka kringete swasana (umun2). awor bun sumusup ing bumi
- Wesi, kedadean saka swasana; awor watu sumusup ing bumi.
- Timah kedadean saka amun2 awor watu lan lebu sumusup ing bumi.
- Walirang, kedadean saka hawa panas sumusup ing bumi.
- Uyah, kedadean saka banyu segara kentir sumusup ing wedhi.
Mungguh rerupan pitung prakara kasebut ing dhuwur, mahanani daya kaalusan cahya kaya ing ngisor iki.
- Emas, manik, wesi, salaka dadi Andaru Sapa sing katiban ndaru, kasinungan bisa simpen emas, dadi lan kasugihane.
- Inten (manik2), emas, timah lan salaka, dadi wahyu. Sapa kang kaiban wahyu, Kasinungan bisa dadi wong kang mangku pangwasa utawa kasinungan bisa nyimpen barang inten, dadi lan sugihe.
- Manik2, emas lan tembaga dadi Pulung Sapa kang katiban pulung, kasinungan disihi wong akeh, bisa dadi paguron, lan linulutan bangsane akik, mirah, jumerut sapepadhane.
- Wesi tembaga, timah lan welireng. dadi Teluhbraja. Kang mesthi duwe lara bubrah, upamane kowak sapepadbane. Nanging linulutan bangsane wesi, timah lan tembaga. (Lumrahe pakaryane dadi bangsane pandhe).