Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 112 —

Handaru mau ing tembe ya bakal kanggo sarana kanggo nambahi daya panguripan. Wondene kang diluluti wong kang tanceping ciptane kang marang martapa mardi aksama.

4. Teluh braja. Rupane abang sumirat wungu Iku pratandha saka cahyane tembaga, wesi timah lan walirang. Teluk braja mau ing tembe iya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Dene kang diluluti wong kang tanceping batine jail muthakil lan mbethithil.

5. Guntur. Rupane wungu sumirat dadu. Iku pratandha saka cah, yane wesi, tembaga uyah lan walirang. Guntur iku ing tembe iya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Dene kang den luluti wong kang tanceping ciptane angkara murka. Samono mau dadine kalawan diesthi. Kalakone kudu kinanthenan tapa brata.

Mungguh tumibane pulung, wahyu Isine, terange mengkene:

  1. Tanceping ciptane kang marang welas asih, mangka kinanthenan ing tapa brata, mengkono iku mau, adate tumuli cepak tibaning pulung.
  2. Tanceping ciptane kang marang lila legawa, temen lan narima mangka kinanthenan ing tapa, adate tumuli cepak tibane wahyu.
  3. Tanceping ciptane kang marang mertapa mardi aksama, mangka kinaathenan ing tapa brata : adate tumuli cepak tibane ndaru.
  4. Tanceping ciptane kang marang drengki, srei, jail muthakil mbetitil, mangka kinanthenan ing tapa brata, adate tumuli cepak tibane teluh braja.
  5. Tanceping ciptane kang marang angkara murka kinanthenan ing tapa brata, adate tumuli cepak tibane Guntur.

Mungguh kaaman limang prakara kasebut ing dhuwur, kena diarani darajad kang tegese wadhahing hajat. Dene cethane kaya ing ngisor iki.

  1. Pulung. Pikolehe sinupeketan ing akeh, apa dene linuhurake ing asmane, tur rinaksa ing kasangsarane ing pepadhane tumitah.
  2. Wahyu. Pikolehe linulutan sarta jinurungan dening pepadharing tumitah