Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 114 -

5. Welirang, uyah, wesi, tembaga, dadi bledeg.

 Mungguh metune Wahyu lan Teluhbraja iku ing wayah sore antarane jam 19.00 tumeka jam 23.00. Dene Andaru lan Bulung metune ing wayah bangun esuk.
Watara 03.00 tumeka jam 05.00. Tumrap metune bledeg mungsaben ing mangsa udan. Yen wektu udan metune ing wanci bengi utawa bangun euk, ing mangka kawoworan bun upas, njalari bisa nuwuhake lelara kolera.

 Bareng kaanane bumi naltka wis tumuwuh, banjur ingaranan jaman Tirtayoga. Tegese lestarine urip utawa mauripan. Ing mangsa iku isih anuhoni saka pakartine dhewe. sarta lestari anggone lumaku panarimane.