Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 102 -

Kyai Wangsadriya nglajengaken rembag tembungipun: ngGer, coba delengen kaanane isen isen jagad olehe warna-warna kaanane nyenengake sarta ngresepake ing pandulu. Kaanane tetanduran katon ijo arayo royo godhong. Gunung2 kasawang kadi kadohan katon pating jenggeleg biru wernane. Kali2 lan bengawan katon pating jlarit. Mungguh gunung2 iku miturut dedongengan kedadean saka banyu kang aran tirta kamandhanu, kang ora oleh panas soroting srengenge, banjur njendhel dadi embag, suwe2 dadi lemah. Mungguh keng dadi gunung iku embag kang pepunthukan ing negara kang hawane adhem, ing kono ana pepunthukan salju kang kaya gunung. Ana kang rata. Mung bae samangsa kena panas soroting srengenge, salju mau ajer dadi banyu.

Awit kaanan kang tinemu dadi isen isening jagad iku katitahake urip, perlu ayake aku nyritakake bab dumadine jagad saisine, methik saperlune saka buku Darmasonya, anggitane Sang Bagawan Yogiswara ing Mamenang. Terange kaya ing ngisur iku:

III. DUMADINE JAGAD

Mungguh kang gumelar. jagad kang kapisan iku diarani "So nyaruri". Tegese; suwung utawa sepi. Mulane mengkono amarga titahing Pangeran durung padha dumadi. Kang lagi dumadi dhisih ya iku: Surya, candra, kartika lan suwasana.

Mungguh suwasana iku saikie aran "amun amun". Amun-amun iku minangka kekandange surya, candra lan kartika. Dene surya, candra lan kartika iku mau ing jero prdha kebekan amun-amun, Patang prakara. Mau langgeng ing kaanane lan ora kena owah gingsir ing salawas lawase apa dene jejeg ing wujude lya iku kodrating Pangeran kang dhisik dhewe. Kaanan papat iku padha kasinungan wahyaning wahyu ing kauripan. Ing tembe bakal kuwasa anartani ing kauripan kita iki kabeh. Dene kodrat papat kang wis katerangake ing dhuwur, wujud utawa gedhe cilike, apa dene panguwasane beda-beda. Pratelane kaya ing ngasot iki:

  1. Candra (rembulan) wujude sumunu semu kuning maya-maya. Kuwasane ing tembe bakal kawasa mahanani jaga raya iki kabeh.