Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 103 -

  1. Pamanggone ngumandhang ana sadhuwure rembulan watara lettelung atus pindulu. Kuwasane ing tembe iya bakal mimbuhi maratani jagad raya iki kabeh.
  2. Surya (srengenge), wujude abang amarkata. Gedhene luwih saka ge lhene lintang. Pamanggone ngumandhang ana sandhuwure lintang. watara let telung atus pandulu, Kuwasane ing tembe bakal mahanani urub-urube jagad raya iki kabeh.
  3. Swasana iku gedhene sa (k) srengenge. Rupane ireng meles amaya-maya. Kuwasane dadi kekadangane sakabehing dumadi iki. Kuwasane iku saka lembute lan jembare tebane, tur mesti anane.

Sawenehe para winasis agawe perlambang : kodhok ngemuli lenge, utawa rangka manjing curiga, curiga manjing warangka.

Anane kaparibasakake mengkono, amarga swasana iku nadyan ing sajerone watu iya isih kebekan dening kaanane swasana. Ing mangka watu iku ing jaba iya manggon ing sajroning swasana. Ing sajroning alam "sonyaruri" jagad iki isih jenjem premanem, angin durung ana lumaku banyu sagara durung ana. Bebasan isih suwung tumlawung, kejaba mung serat soroting srengenge, kang sumebar angebeki sa (k) bawana kabeh. Serat soroting srengenge, iku ndarteni daya panas. Lawas2 nabeti marang suwasana mau. Tabet panasing swasana suwe2 tumeka ing antariksa (awang) tumanduk ing rembulan lan ing lintang2. Rembulan lan lintang bareng kena dayaning panas, temahan padha kumaringet Dene kringete rembulan lan lintang2 padha tumiba ing gunung cakrawala kang sisih lor kang aran pul elor (Noord pool). Wondene kringete rembulan lan intang2 mau diarani tirtaprawita", kang tegese bayu kang kawitan". Lawas2 tirtaprawita mau banjur mili Tampa kendhat, sarta iline angubeagi sakubuking jagad iki kabeh. Ing kono tirta prawita banjur karan "tirtakamandhanu", kang tegese banyu kang mili malengkung, Mungguh warnane tirtakamandhanu iku putih kaya kapuk kapas, sarta mawa cahya maya2. Iline tirtakamandhanu bareng temeka ing poking bawana kang ireng kidul kang diarani "pul kidul" (zuid pool), temahan tempuk lan panasing srengeage. Ing kono nuli padha arebut daya,