Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 101 -

ga Kraton Awit saka iku ing kraton rina wengi dianani tetuguran Ana kang marak ing ngarsane Kangjeng Ratu Ageng ana ing pesareyane ingkang putra kang lagi nandhang roga. Ana kang manggon ing pacaosane dhewe2. Ing wektu samana ana jejaka bagus kang pasuryane ngepleki pasuryane Ingkang Sinuhun kaping X, sowan ana ing pasarean Ing kono sgawe cingak lan kagawokane Kangjeng Ratu Ageng dalah para kang padha ana ing pasarean.

Kanjeng Ratu nuli ndangu marang jejaka kang nembe sowan Thole, kowe kuwi sapa lan saka ngendi pinangkamu lan apa perlune, dene tekamu marak ora ana kang nglarapake? Jejaka banjur munjuk: Ibu, punapa Ibu kesupen, bilih dalemnpunika putra panjenengan dalem piyambak Miturut fangandi king guwagarba dalem, adalem lajeng kapundhut dening Eyang kanipun Eyang Sinuhun Lawu, si Sampunipun edalem air sasinuhun Lawu kabekta kesah, salajengipun kapundhut putra. Wontenipun adalem marak, kejawi sowan tuwi ugi badhe nyaosi jejampi gerahipun kakungmas punika.
Cekaking carita Ingkang Sinuhun banjur diusadani. Sanalika bisa waluya. Sawise iku jejaka mau nuli nyuwun pamit, kondur menyang Lawu. Kangjeng Katu nglilani sarta paring trima kasih, dene puputrane wis mari gerahe Dene kondure jejaka mau sawise metu saka kamar banjur ora katon. Goteking ngakeh jejaka mau kang senebut Sunan Lawu Uga ana dedongengan dak rungu saka abdi dalem Kraton. Surakarta kang wis sepuh yuswane, nerangake : Nalika kang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Ingkang minulya sasaha Ingkang Wicaksana Paka Buwana X; samangsa ing Kraton ana dhayoh Walanda kang sajak ngrembug babagan wigati lenggahe Ingkang Sinuhun katon ana kang ngamping ampingi, kang pasuryane kaya Ingkang Sinuhun Paku Buwana IX kang wis suwarga. Mung bae kang bisa sumurup mau mung abdi dalem kang wening atine. Dadi ora sadhengah abdi dalem kang weruh.

Mengkono ngger dedongengane kalayan cekak kahanane kahanane kang jumeneng ana Arga Dalem kene. Jaka Lelana miner dedongengan wau sanget anggeaipun migatosaken.