Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 99 —

Sasampunipun aso ing sawatawis Kyai Wangsadriya criyos dateng Jaka Lelana, bilih badhe katedahaken dunungipun Sendhang Drajat. Saking Arga Dalem lampahipun mangetan lajeng nekuk mengaler. Sadumuginipun ing papan ingkang dipun sedya, Jaka Lelana gumun sanget, dene ingkang kawastanan Sendang Drajat menika toyanipun sekedhik sanget, bebasan kados pagupakan maesa.

Nanging ingkang nggawokaken malih bilih toya ing sendhang wau dipun angsu ngantos pinten² klenting, kawontenaning toya boten asat. Kyai Wangsadriya criyos dhateng Jaka Lelana, tembungipun; ngGer, miturut kepercayane sedulur akeh, sing sapa kuwat adus grujug banyu ing Sendhang Drajat kena nganti rambah kaping 7, bakal katarima panuwune. Apa kira² kowe keduga dakdusi nganggo timba kuwi nganti rambah kaping 7? Wangsulane Jaka Lelana: Inggih, pak, kula namung nderek kersa panjenengan. Salajengipun Jaka Lelana, dipun grujugi mawi toya ing sendhang drajat ngantos rambah kaping 7. Sinaosa namung pitung timba, nanging raosipun dhateng badan sakalangkung njekut. Ewa semanten saking dayanipun manah mempeng, Jaka Lelana babar pisan bonten ngraosaken atis. Sarampungipun adus Jaka Lelana dipun jak wangsul malih dhateng Arga Dalem, sami leren wonten ing bangsalan.

Kyai Wangsadriya miwiti rembagan tembungipun: ngGer, aku arep nyritakake asal usule Kanjeng Sinuhun Lawu, sarta mula bukane ngratoni para lelembut ana ing ardi Lawu kene. Mara saiki wigatekna, dakwiwitane saka Nata Binathara ing Majapait kang pungkasan.

Sang Prabu Brawijaya V, ya iku Nata Binathara ing Majapait kang pungkasan jejuluk Sang Prabu Kertabumi, kagungan putra kakung lan putri cacah 101, Nalika samana Sang Nata dalah para kawula ing Majapait padha nganggo panutan Agama Budha Senadyan Sang Brawijaya ngrasuk agama Budha, nanging penggalihe andanardana, Lire ora nglarangi, menawa ana kawula sing nganggo panutan agama liya. Kajaba saka iku, uga maringi palilah marang Sunan Ngampel Denta, anggone sumelya mencarake agama Islam ana ing pulo Jawa.